soewarsomandalaputra

Sabtu, 23 April 2016

Sangkan paraning dumadi

SANGKAN PARANING
DUMADI
kaweruh kebatinan
SANGKAN PARANING DUMADI
SAKDURUNGE MANUNGSO DUMADI/UTOWO
SAKDURUNGE MANUNGSO LAIR ONO ING ALAM
NDONYO IKI
..Manungso iku durung duwe jeneng (asmo/asma/
nami/nama/aran/juluk/tetenger) ateges durung ono
(utowo ORA ONO).
sak wise Manungso lahir/Dumadi ..lagi duwe jeneng
(asmo/asma/nami/nama/aran/juluk) ateges ONO,
yen mangkono Manungso iku asale ORA ONO banjur
ONO lan mbesuk bakal bali ORA ONO maneh utowo
(NIRWONO)/SAMPURNO .
kawedar ndamel boso ngoko..supados saget dipun
penggalih ..sedulur ingkang mboten saget
kromo..inggil..pangapunten .
DENE Syarat-Syarat'e kanggo bisane Anggayuh
papan kang bakal tekan sejatine urip kang langgeng
mau.ora ujare sopo-sopo nanging amung anetepi
kawruh kang temen-temen lahir bathin di weruhi yo
iku jeneng kaweruh,ateges temen-temen weruh
jeneng kaweruh.
syarat-syarat iku bener dudu bener tumrape
Manungso..hananging bener tumrape (........) WONG
JOWO ORA WANI NYEBUT ASMANE AMARGO
NJANGKAR /ORA SOPAN...yo iku GUSTI KANG
AKARYO JAGAT GUMELAR SAGUNG DUMADI.
PANGERTEN BAB ROSO LAN ROS ROSING
ROSO yoiku pirantine urip... ROS ROSING ROSO
yoiku getetane tetenger (utowo pilah2 ing roso)
tegese roso iki ,roso ngene,roso ngono,roso mau
kabeh..kawengku ing roso sawutuh
(ROSO SEJATI)
ROSO SEJATI yoiku roso kang ora biso owah gingsir.
pilah pilahing roso sarono ros rosing roso.....roso
mau kabeh kelet lengket ing badan alus lan wadag..
conto..roso kecut ,legi ,pedes ,asin,getir ,pahit ,gurih
,lan liyane iku roso..ono ing rosone ilat,termasuk
roso ing badan wadag..
ono ing kene krasan ono ing kono krasan ..ono
ngendi2 krasan, semono ugo roso gething,roso
tresno,gemes ,pegel ,dendam, susah,bungah,iku
mau ono ing ROSONING ATI (manah)
ROSO kojur,mujur,eling,lali,getun,iklash,welas
asih,nelongso..puniko .ono ngendi-ngendi ono lan
ugo kroso ing bathin/budi/angono iku kalebu
ROSONING PIKIR
rehne wis cetho kabeh ROS ROSING ROSO,conto yen
jangane kurang asin..lha iki cukup ditambahi
uyah,ora susah banjur pegel..lan yen pekoro jangan
kurang uyah bae banjur pegel ,nesu,lan muring-
muring..yo iki sing di arani durung weRUH (ngerti)
marang ROS ROSING ROSO
'PANGERTEN BAB (REH MANGUKUT/
WARONGKO MANJING CURIGO'
Tegese..REH MANGUKUT iku..JIWO angukut
ROGO,JIWO angringkes badan wadag.yen samongso
iki badan wadag ono ing njobo,jiwo ono ing njero..
HANANGING YEN KAKUKUT, SANG jiwo angringkes
badan wadag lumebu sak jeroning JIWO,
JIWO ing kene ateges badan alus,banjur
linambangake WARONGKO MANJING CURIGO
poro ahli kebatinan/kasampurnan podho nggayuh
sing koyo mangkono iku..yen manungso wis
mangerti bab REH MANGUKUT..wong mau keno
diarani SARJONO /SUJONO..keno ugo diarani WONG
SEPUH,LIR ING SEPUH./wongsepuh mau..
1.sepi howo
2.sepi ing pamuring
3.sepi ing pepinginan
4. anane mung urip sak lumrahe manungso lumrah.
(SEPI HOWO AWAS LORONING ATUNGIL/
ATUNGGAL)
"BAB TEMBUNG KEBATHINAN"
Tegese:OLAH BATHIN/NGOLAH BATHIN..ingih
puniko ngladi tumindak engkang sae
sae..jumbuh..antarane tumindak lan pangucap
jumbuh lair lan bathine supoyo manungso gesang iku
biso sampurno uripe ono donyo aherat tansah
tumindak samubarang kabecik an ninggal
sekabehing laranganipun GUSTI ING MOHO SUCI.
"BAB TEMBUNG NGELMU"
NGELMU iku kelakone kanti lelaku ..ngono iku
cetho banget lan wenteh. yen wis ngerti kudu di
lakoni/ditindak ake,yen to ora banjur aran ORA
KELAKON...ateges muspro ngelmune,kasare rembug
ono unen unen PINTER CRITO NANGING TINDAKE
CACAT ORA RUMONGSO..opoto sejatine ngelmu
iku.?
NGELMU yoiku..KAWERUH SESURUPANING BATHIN,
Lha yen wis katindakake kudu kanthi mantepe
budi,nelukake angkoro murko ninggal tindak kang
sarwo olo.
BAB TEMBUNG GUSTI
(BAB GUSTI)
GUSTI iku soko tembung bagus ati utowo (bagusing
ati) ati kang bagus iku ati kang resik suci/dumunung
ono hyang widhi (gusti kang akaryo jagat ) mulo
manungso yen biso nyucek ake atine lurus tumindak
e luhur budine ,temen suci,/resik. ateges biso
njumbuhake lahir lan bathine yo iku sing di arani
Manunggale Kawulo lan Gusti.
BAB GHAIB ING GUSTI
kang di arani tembung ghaib iku tegese sawijining
barang kang SAMAR. barang kang samar iku
tegese,sawijining barang kang ora keno di grayang
nganggo tangan,kang ora keno di deleng nganggo
mripat,kang di arani cedak tanpo senggolan wadoh
tanpo wangenan,gedene sak mrico binubut.
DUNUNGE TEMBUNG AKU LAN SIR
A =ALLAH
KU =KUASA
SI =SIFAT ROHMAN
R =ROHIM
PANGERTEN BAB LORO 2 NING ATUNGGAL.. .
tegese...loro nanging nyawiji..
dununge: ono ing jiwo lan rogo
JIWO iku pindane GUSTI
ROGO:iku pindane KAWULO
manunggale kawulo lan gusti yo iku kang di arani
LORO 2 NE ATUNGGAL temenan kang sinebut
AMOR.
"TELU NING ATUNGGAL (DUNUNGE) ONO "
1.tetenger:(jeneng/asmo/asma/nami/nama/aran/
juluk/tetenger)
2.ingsun:(AKU)rogo wadag(rogo sawutuh)
3. urip: (ALLAH)
SEMBAH ROGO: sembahing awak/rogo(utowobadan
wadag)
CONTO:sembahyang semedi
SEMBAH CIPTO(KALBU):sembahe pikir/akal
SEMBAH JIWO: sembahe mental,budi (karakter)
SEMBAH ROSO: pirantosing gesang ingkang tansah
wonten korban perasaan.
KAWERUH BAB ONGKO 0 NGANTI 20 KANG ONO
GANDENGE MARANG SIFAT 20
ONGKO 0 = nol ,tegese nunjuk ake yen
kosong,lungguhe ono bocah cilik isih kosong durung
duweni kaweruh/pangerten opo opo/wang -wung.
ONGKO 1 = SIJI , tegese soko tembung isi lan aji
(isine aji) dudu ajine mas picis rojo brono.nanging
ajine DIRI PRIBADI, dununge wong kang becik diri
pribadine bakal di aji 2 karo sak podo padane mulo
siji lungguhe ono ing GUSTI soko tembung
BAGUSING ATI sing mujudake ongko siji (1) iku
ongko 0 (nol) utowo ujude ongko siji iku soko ongko
nol.
ONGKO 2 = (LORO), dununge ono bopo lan
biyung,lungguhe isi donyo iku loro cacahe,ono
bungah ono susah,ono rogo ono sukmo,ono awan
ono bengi,ono lanang ono wadon..lan sakteruse.
ONGKO 3 = (TELU) dununge manungso duwe sifat
telung prakoro, URIP,ROSO,ROGO/
GOLEK.NYEKEK,MATEK,tumrap bebrayan BOPO,IBU ,
ANAK.
ONGKO 4= (PAPAT) , dununge.manungso due
sedulur papat,
1. mutmainah rupane putih-banyu.
2.amarah rupane abang- getih.
3. supiah rupane kuning-angin.
4.aluamah rupane ireng- lemah.
yen ono petungan keno ugo keblat papat.
ONGKO 5-(LIMO) dununge ono keblat papat limo
pancer/lungguhe yen ono toto lahir ono ing ZISIM lan
sing mikul pendoso.
ONGKO 6=(NEM) soko tembung= nemu dununge ono
sedulur papat limo pancer 6,ono ing ayang2an ,
toto lahir ono ing wetan,kidul,kulon ,lor,duwur lan
ngisor.
ONGKO 7 =(PITU) lungguhe ono dino
akad,senin,seloso,rebo,kamis,jum'at,sabtu /onone
kulit,daging,balung,sungsum,otot,lan getih.
ONGKO 8 =(WOLU) tegese ojo uwal marang barang
kang sing perlu ,tamtunipun tindak ingkang sae
sampun ngatos lirwa ake ,lungguhe ono SEWINDHU 8
wolong tahun (WALI WOLU).
ONGKO 9- (SONGO) iku pangertene bayi iku topo
ono guwo garbane ibu suwene 9 sasi (umumipun),
lungguhe ono ing wali wolu songo tinari/tinutup.
ONGKO 10=(SEPULUH) dumadi soko ongko 1 lan
0...ongko iki wis paring sasmito marang manungso
yoiku kumpule kawulo lan gusti,kang diarani SILIH -
SINILIHAN.tegese= urip yen ora nyilih/nganggo
ROGO biso mobah mosik kasampar kasandung
prasasat tanpo aji.semono ugo ROGO yen wis
dioncati dening URIP yo yo wis ora mobah
mosik,tanpo aji,terange maneh,ongko 1,(siji) yen ora
nganggo ongko nol (0) ora biso muni ongko sepuluh.
ONGKO 11=(SEWELAS) dumadine ongko sewelas
paring pasemon marang kito naliko bopo lan biyung
dadi temanten di jejerake/di temok ake.
ONGKO 12 =(RO LAS) 1.SIJI tegese URIP 2. tegese
lanang /wadon yo bopo yo biyung pangertene 12
(rong elas) UTOWO RONG IJI / URIP 1 SIJI ngerong
ono / manggon ono wong 2 (loro)yo bopo biyung.
Ongko 13= (telulas) tegese URIP iku nguripi telung
prakoro, dununge
1.nguripi manungso.
2. nguripi kewan2.
3.nguripi wit witan lan jagad sak isine.
ONGKO 14=(PAT BELAS) tegese URIP IKU NGURIPI
PATANG PRAKORO.
1.NGURIPI BANYU.
2.NGURIPI GENI.
3. NGURIPI ANGIN.
4.NGURIPI LEMAH.
ONGKO 15=(LIMOLAS) tegese URIP NGURIPI
LIMANG PRAKORO.
1.NGURIPI KUPING.(PANGRUNGU)
2.NGURIPI MRIPAT.(PANDELENG)
3.NGURIPI IRUNG.(PANGAMBU)
4.NGURIPI CANGKEM/LAMBE (PANGRAOS)
5.NGURIPI ILAT(PENGECAP)
ONGKO 16=(ENEM BELAS) tegese URIP NGURIPI 6
PRAKORO.
1.NGURIPI MUTMAINAH
2.NGURIPI AMARAH.
3.NGURIPI SUPIAH
4.NGURIPI ALUAMAH
5.NGURIPI AYANG-AYANGAN
6. NGURIPI WUJUD GLEGER.
ONKO 17 = (PITULAS) tegese URIP NGURIPI 7
PRAKORO.
1.NGURIPI WULU
2.NGURIPI KULIT
3.NGURIPI DAGING.
4.NGURIPI BALUNG.
5. NGURIPI SUNGSUM.
6. NGURIPI OTOT.
7. NGURIPI GETIH.
ONGKO 18 -(WOLU LAS) tegese URIP IKU NGURIPI
WALI 8 KAJOBO NGURIPI ROGONE UGO NGURIPI
KALUHURANE/ASMANE. contone... nganti sak iki isi
NGGONDO ARUM KALUHURANE LAN ASMANE.
buktine nganti sak iki akeh wong kang podo sujud
sumungkem ono ing PASAREANE. koyo ngono iku
contone yen titah iku biso ngemong marang URIP
KANG SEJATI.
ONGKO 19 = ( SONGO LAS) ateges URIP IKU
NGURIPI 9 PRAKORO.
1.NGURIPI KUPING......................... 2.(LORO).
2.NGURIPI MRIPAT.......................... 2 (LORO)
3.NGURIPI BOLONGAN IRUNG.... 2 (LORO)
4.NGURIPI LESAN ............................1 (SIJI)
5. NGURIPI DUBUR.......................... 1 (SIJI)
6. NGURIPI WADI.............................. 1 (SIJI).
.------------
JUMLAH...............................................9 (SONGO)
ONGKO 20 =(RONG PULUH?YO SIFAT RONG PULUH
tegese.. URIP IKU NGERONG ONO BOPO LAN
BIYUNG WONG LORO KANGGO NGERONG URIP 1
(SIJI) DADI LORO LORONING ATUNGGAL TOTO LAIR
ONO ING KONO MULO IKU JEJERE MANUNGSO
KENO DI ARANI (SASTRO JENDRO YUNINGRAT) .
(SASTRO JENDRO YUNINGRAT)
tegese TULISING GUSTI KANG CETHO DUMUNUNG
ONO WUJUD ING MANUNGSO LANANG LAN
WADON.MULO MANUNGSO BISANE NGGAYUH BUDI
LUHUR/RAHAYUNING WIWITAN LAN
PUNGKASAN,SENAJAN MANUNGSO IKU DIWENANG
AKE DUWE KAREP NGGAYUH DONYO BRONO KUDU
MANUT MARANG KRENTEG KE ATI KANG RESIK
,BISO O NGEMONG URIP KANG SUCI, NULI BISO
SAMPURNO LAIR LAN BATHINE.
KAWERUH BAB AKSORO JOWO/SING
DIARANI SIFAT 20(RONG PULUH)
Aksoro jowo iku cacahe ono :2o (rong puluh) yo iku,
HA,NO CO,RO
KO,DO,TO,SO,WO,LO,PO,DHO,JO,YO,NYO,MO,GO,
BO,THO,NGO.sifat rongpuluh (20) mau dunuinge ing
toto lair ono drijine manungso,tembung2 swiji-sijine
iku mau ugo duwe kawibawan/teges dewe2.
HA: HURIP
NA: NUR
CA:CAHYO
RO:ROH
KA:KUMPUL
DA :DAT
TA : TES
SA: SIJI
WA:WUJUD
LA:LANGGENG
PA:PAPAN
DHA:DHAWUH
DJA :DJASAD
YA :NYAGUHI
NYA :NYAH/PASRAH/(NGELUNG AKE)
MA:MARGO/DALAN
GA:GAIB
BA:BABAR
THA:TUKUL
NGA:NGALAM GUMILANG
BAB AKSORO 20 KANG DI GANDENG NGAREP LAN
MBURI,WIWITAN ANTUK PUNGKASAN
HA+NGA:HANGA tegese : hangen hangen.
NA+THA:NATHA tegese :nutuk
CA+BA :CABA tegese :coblong/bolong.
RA+GA :RAGA tegese :rogo /awak.
KA+MA :KAMA tegese :widji.
DA+NYA:DANYAtegese :donyo/dunia
TA+YA :TAYA tegese :toyo/banyu.
SA+JA :SAJA tegese :siji.
WA+DHA:WADA tegese :wadah.
LA+PA :LAPA tegese :lampus
SIFAT 20 DI JUPUK 9 =11
SONGO(9) soko: aksoro HA.....WA IKU MANGGON
ONO SIFAT WONG LANANG,SEBAB WONG LANANG
DUWE BOLONGAN SONGO.
SEWELAS(11) soko :aksoro lA....NGA.iku manggon
ono sifate wong wadon sebab,wong wadon duwe
bolongan sewelas (11) kacek 2(loro)karo wong
lanang,lungguhe ono ing tetek.
PANGERTEN BAB HAWA NAFSU
HAWA : tegese angkoro/pengaruh angkoro
NAFSU: tegese kekuatan /doyo panyurung
HAWA NAFSU : tegese :angkoro murko kang
kasurung dening kekuatane syetan.
BAB SEDULUR PAPAT LIMO PANCER
1. MUTMAINAH : lungguhe ono djantung wujude
arupa banyu rupane putih wateke suci tur temen
lawange ono IRUNG irung kuwi perangone awak kang
temen dewe
conto: ono wong goreng gerih.mripat dulung weruh
nanging irung wis weruh,,buktine mambu.yen
dinyatakke jebul yo nggoreng gerih temenan.ewo
semono isih biso goroh.
conto: trasi ambune ora enak nanging yen di pangan
rasane enak,buktine di butuh ake wong akeh.
conto maneh: kembang iku ambune wangi nanging
yen di pangan rasane pahit.
2.AMARAH :lungguhe ono empedu (peru) wujude
getih ,rupane abang wateke,keras ,angkoro murko/
brangasan,lawange.ono.ing kuping.katerangane
manungso biso ngrasakake olo l;an becik.margo
duwe kuping ,manungso duwe karep olo lan becik
margo soko doyone GETIH sebab getih kang gawe
mobah mosike karepe manungso. mulo manungso
tanp[o getih abang kahanan jagadora bakal rame
koyo kang kito lungguhi sak iki.
3.SUPIYAH: lungguhe ono pusuh.wujude angin
rupane kuning,wateke nggugu kasenengan utowo
ngumbar HOWO NAFSU lawange ono ing
mripat.mulo mripat iku keno di arani lanange jagad.
mripat kanggo deleng barang gumelar, mulo
manungso duwe roso pengen margo mripate
weruh,supiah lawangane ono mripat wujude angin
kang metu soko IRUNG.
4. ALUAMAH :lungguhe ono ing waduk dene waduk
iku gedonge panganan.yen usus gedonge
kotoran.ALUAMAH Wujud lemah rupane ireng
.wateke seneng ngrasak ake panganan sing enak2
butuhe mung seneng/lan enak2 lawangane ono ing
CANGKEM mulo biso ciloko yo soko cangkem soko
tembunge dewe.mulo CANGKEM duwe teges:
CANCANGEN SUPOYO MINGKEM, tembung olo lan
becik iku manggone podo wae mulo tinimbang
guneman tembung sing olo olo aluwung sing becik2.
5.DJANGKEPE 5.LIMO yo iku sing di arani URIP
KANG NGURIPI PATANG PRAKORO ,KANG KASEBUT
ING DUWUR utowo sing di arani sedulur papat(4)
kalimo pancer yoiku pancere ono ing URIP
KATERANGANE:MUTMAINAH,AMARAH,SUPIYAH,
ALUAMAH ..kabeh di wengku deening URIP.
KEBLAT PAPAT(4) LIMO (5) PANCER ING TOTO
LAHIR
manungso duwe tangan tengen
manungso duwe tangan kiwo
manungso duwe sikil tengen
manungso duwe sikil kiwo
kang kalimo(5) yoiku gembung: kang di arani
a.BAITUL MAKMur
B.BAITUL MUKAROM (MUHARAM)
C, BAITUL MUKADAS (MAQDIS)
TETELU MAU keno di arani TELU TELU NING
ATUNGGAL.
BIBIT DUMADI
1.BAYI UMUR 1.WULAN AKSORONE (DJO) disebut
NUKAT GHAIB,banyune nurmani,segarane layar
putih,gedhonge kumalah arane RIRIS TANGIS.
2.BAYI UMUR 2 WULAN AKSORONE (Y0)di sebut
KOAT GHAIB, banyune nur buat,segarane rante arane
KISMO DJATI.
3.BAYI UMUR 3 WULAN AKSORONE (NYO) disebut
RIDJALOLAH GHAIB,banyune NUR ROSO,segarane
KUMOLAH , arane HYANG WIDHI.
4.BAYI UMUR 4 WULAN AKSORONE (MO) disebut
RIKMO DJATI.banyune NUR KUMORO
DJATI,SEGORONE BINDARI SUCI ,ARANE SANG
HYANG ADJI.
5.BAYI UMUR 5 WULAN AKSORONE (GO) disebut
DJO KUMOLO , banyune NUR KISMOYO, segarane
IMOLOYO, arane SANG HYANG BRAHMO wujude
SEDULUR 5(LIMO).
6.BAYI UMUR 6 WULAN AKSORONE (BO) disebut
ROSO HENDRO MOYO,banyune NUR
CAHYO,segarane KUMORO DHANU, arane MANU
MANINGKEM MANUNGGALE KAWULO LAN GUSTI
WUJUDE ROSO 6 (NEM)PRAKORO.
7.BAYI UMUR 7 WULAN AKSORONE (THO) disebut
WARINGIN SUNGSANG banyune TALI ROSO,ROSO
TALI,segarane segoro MADU NIRMOLO,arane HERU
SETO DJINGGO MOYO DJATI. wujude KAWAH- ARI
ARI.
8.BAYI UMUR 8 WULAN AKSORONE (NGO) disebut
MAYANG KUMORO SARI, banyune MANIK
GITO,segarane CUPU PURBO MISESO arane DJONO
LOKO DJATI,wujude KAKANG MBAREP ADINE
WURAGIL.
9.BAYI UMUR 9 WULAN AKSORONE (WI-WO) disebut
HENDRO LOKO DJATI banyune NUR TIRTO
MOYO,segarane TANPO TEPI arane SASTRO
JENDRO YUNINGRAT WUJUDE SADAD TANPO
SABDU.
banjur bayi lahir BYAR PADHANG.DJAGAT GUMELAR
WUJUDE LINTANG DJOHAR DUMADI INGSUN
KANG SINEBUT AGUNG PAMBUDI
PANGERTEN BAB DUNUNGE ANGKORO KANG
MANGGON ONO TRILOKO /JAGAD TETELU
TRILOKO KAPILAH DADI 3 PRAKORO
1.GURU LOKA :ono ing pikir.
2. INDRO LOKA:ono ing ati/manah/poncodriyo.
3.DJONO LOKO : ono ing syahwat(blegere ono ing
zdakar.
yen angkoro pinuju ono ing GURU LOKA
(PIKIR)manungso kepingin DRAJAD-SEMAT-
KRAMAT.
yen angkoro pinuju ono ing INDRO LOKA/PONCO
DRIYO.manungso kepingin MENANG DEWE,KUWAT
DEWE UNGGUL DEWE.
yen angkoro pinju ono ing DJONO LOKA yo iku
SYAHWAT yen krodo ngidap- ngidapi jer triloka mau
kasebut papan KEDHATONE GUSTI, yen ngantiyo
JAGAD TETELU mau kabeh kaleker ing (dene)
angkoro prasasat manungso urip iku ngingu DOSO
MUKO lha yen mangkono kito kabeh banjur rugi ora
biso nompo PEPADHANGING GUSTI yen mangkono
mau tansah kito umbar mesti bakal dadi rubedaning
ing NGAGESANG (URIP) yo koyo mangkono iku yen
manungso LURU ILMU TANPO LAKU.
SAMPURNANING DUMADI
manungso kudu weruh dununge TIRTO PAWITRO
MAHENING SUCI.
TIRTO = BANYU.
PAWITRO = PANGURIPAN.
MAHENING=WENING/BENING.
SUCI =RESIK.
iku dumunung ono ing DIRI PRIBADINE dewe
dewe.carane kudu laku ono alam lakyono yo ALAM
MATI SAK JERONING URIP ngungak menyang ALAM
LOKANTORO/ALAM JATI/ALAM LANGGENG.
LOKANTORO tegese wates/antoro. wates antarane
ALAM ALUS lan ALAM KASAR. ing kono ono
wewujudankoyo dene gumuk TAWON GOLEK
JUMONO yo iku wewujudane sedulur kito kang
aran,KAWAH -ARI ARI. golek jumono ,gatrane bakal
manungso,ing kono bakal anyurupi dalan prapatan yo
wewujudan 4 prakoro .yo cahyo 4 prakoro.
cahyo abang iku jagade KANEPSON.
cahyo kuning iku jagade KASENENGAN.
cahyo putih iku jagade KASUCIAN/SUCI
cahyo ireng iku jagade KAROSAN/KEKUATAN.
MANUNGSO mbesuk yen bali ,tetep kudu milih SUCI
dalan kang putih ,ing kono bakal biso sowan mring
GUSTI KANG MOHO SUCI.
.mugi krenteg e manah meniko tansah hambegawan
cipto ning ..lan sedoyo ingkang kawedar wau tansah
andadosaken pangenget khususipun ten diri pribadi
kulo meniko..
monggo nderekaken minggah ing sanggar pamujan
hanetepi darmaning agesang nggayuh pakarti
manungso ,mahening suci lungguhing pribadi,mawas
raos sak jeroning batos,madhep
manthep,manther,manembah mring gusti engkang
moho suci.
(sedulur papat njobo)lan (sedulur pitu
njero)kepribadian nggayuh pakarti maungso jati
-----------------------------------------------------
-----------------------------------------------------
------------------------
!.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon
ono ing wetan..putih rupane asal usule soko
saripatine lemah kang duweni sifat mutmainah kang
aran(...............).
2.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon
ono ing kulon ...kuning rupane asal usule soko sari
patine banyu duweni sifat sufiah kang aran (..........)
3.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon
ono ing lor ireng rupane asal usule soko sari patine
angin kang duweni sifat aluamah kang aran
(...........)
4.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon
ono ing kidul abang rupane asal usule soko sari
patine geni kang duweni sifat amarah kang aran
(...........)
(sedulur pribadi pitu njero)
1.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(......) sing mangon ono ing epek2 tangan loro lan
sikil loro.
2.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(......)sing mangon ono ing ayang ayang,
3.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(......)sing manggon ono ing wulu sakm kojur awak.
4.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono ing igo wekas sisih kiwo.
5.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono ing igo wekas sisih tengen.
6.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono
telenging kalbu.
7.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono ing ubun ubun
KUNCI SANGKAN PARANING DUMADI
hyang sukmo sejati seksenono ingsun kirim gondo
arum kang dak kirim sedulurku kang lahir bareng
sedino kang dak sebut kakang kawah -adi ari ari
kakang mbarep adine wuragil...kang adoh tanpo
wangenan cedak tanpo senggolan yo iku titipane
wong tuwaku lanang lan wadon ,kakang kawah- adi
ari ari moro tampanono kiriman gondo arum iki,dak
suwun jumbuh dadi siji karo syang hyang sukmo
sejati..
BIBIT SANGKAN PARANING DUMADI
tes putih soko bopo tes abang soko biyung wujud
gedong cagak papat lawange songo gumantung
tanpo centelan isen isene HYANG SUKMO
SEJATI..lungguhe ono batinku kang suci ,kanggonan
wekasan URIP SEJATI,kang aran DAT lan SIFAT
weruh sakdurunge winarah tetep madhep manthep
langgeng sak kodrat ingsung dadio sak ciptaningsun ..
BAB UGERING NGAURIP,BAB URIPE
LAN TRI PRAKORO
UGERE URIP
---------------
UGERE URIP= utowi sing di arani patokan/
gegebengane wong urip.
TRI PRAKORO
------------------
dununge ono=WIRYO,HARTA,TRI WINASIS
-----------------------------------------------------
-
1.WIRYA
-----------
tegese ngaluhur/trahe wong gede,dununge ing kene
sing luhur lan gede-iku
BUDINE LAN DRAJAT URIPE nanging ing kene mowo
pangerten trahing ngaluhur durung mesti yen
luhur,darahe biso ugo luhur nanging watak e biso
ugo jahat.
conto:begawan wisrowo iku wiku tur
luhur...kaluhurane di percoyo marang prabu
SUMALI...ananging keno opo putrane kang aran
DOSOMUKO kok ora luhur,malah kacarito dadai
gelah-gelahing bumi leleteke jagad,
BEGAWAN DURNO iku pandito(resi) ugo putro
BEGAWAN BARAT WOJO keno opo watake culiko
palsu lan drengki..
SANTRIN KINONO kamongko wong pidak/pidacakan/
ananging deweke LURUS ATINE LAN LUHUR BUDINE
SANTOSO BATHINE buktine biso tetulung marang
darah barata pandowo lan kalis soko beboyo
kobongan soko patrape poro kurowo.dadi tembung
LUHUR iku dumunung ono ing BUDI ora ono ing
turun.
2.HARTA.
-----------
tegese donyo brono/sugih/nanging pangerten ing
kene ora mung sugih ROJO BRONO nanging sing
perlu sugih KAWERUH sugih NGELMU.iku bakal sugih
pangapuro sugih panarimo sugih sabar sugih temen
sugih pangati ati sugih sedulur rukun sak podo podo
jalaran kaweruhe warno2 biso mumpuni lan akeh
kadang kadange..
3.WASIS
-----------
ing kene mowo teges PINTER,wong pinter lan akeh
kaweruhe iku ora bakal susah lan kuwatir ing
mburine,pokok pintere mau ora kango minteri konco
-kancane utowo kanggo tumindak sanubarang kang
ora apik/nerak angger- anggere ngaurip, dadi telu -
telu mau kabeh kito biso ngregem/kadunungan/
nanging-yen telu2 mau/telung prakoro/sirno tilasing
jalmo ateges sirno manungsane sing kari amung
sifat kewane.koyo mangkono mau yen manungso ora
merlokake UGER2ING NGAURIP termasuk ora
waspdo marang sifate TRI PRAKORO
(WIRYO,HARTO,TRI WINASIS).
mugi krenteg e manah meniko tansah hambegawan
cipto ning ..lan sedoyo ingkang kawedar wau tansah
andadosaken pangenget khususipun ten diri pribadi
sanghyang sukma sejati....engkang anglenggahi
telenging ati..menopo tego loro tego pati
panjenengan sowan piyambak ing ngarsanipun....yo
yo raganiro...jeneng siro wus mangerteni babakan iki
kanthi lumantar guru sejatiningsun nora susah
rogoniro bali menyang patang anasir..hayo nggayuh
sampurnaning dumadi
(jeneng siro bakal kawedar babakan
kamuksan.ateges sampurno lan paripurno).
monggo nderekaken minggah ing sanggar pamujan
hanetepi
darmaning agesang nggayuh pakarti luhur manungso
jati mahening suci lungguhing pribadi,mawas raos
sak jeroning batos,madhep
manthep,manther,manembah mring gusti engkang
moho suci.
MULO BUKANE DUMADINE JAGAD AGUNG
SANGKAN PARANING DUMADI
MULO BUKANE DUMADINE JAGAD AGUNG
SANGKAN PARANING DUMADI
mulo bukane dumadine jagat agung....duk nalikane
jaman isih awang uwung sing ono mung gusti
allah.kahanan awang-uwung ora kasat ing mripat
kasar-tan keno kinoyo ngopo,nanging ono,jalaran
ono doyo panguawasane,gusti banjur nyipto
wewujudan telu cacahe,sak banjure gusti ugo
banjur manunggal ing kahanan telung warno mau
kang di arani trimurti (telu-teluning atunggal).
telu warnane, ugo telu katone.ugo telu
pakartine,nanging tungal yo kang murbo-lan
waseso yoiku gusti kang moho tunggal.
1.wewujudan kang sepisan kang paring asmo suryo
(srengenge)anduweni doyo panguoso panguripan
sagunging dumadi ,kasar lan lembut kabeh soko
doyo panguwasane suryo..
2.wewujudan kang kapindo keno
diarani condrorembulan)duwe panguwoso
pangayoman,menehi sandang pangan lan
kemakmuran,ngopeni lan ngipuk-ipuk.
3.wewujudan kang katelu,diarani kartiko(LINTANG)
duwe doyo keadilan lan pepati,tugase nyirnak ake
sekabehe wewujudan kang sipate ora langgeng.
telu-telune doyo panguwoso iku mau mubengg
hanyokro manggilingan,mubeng terus ganti -gemanti
ora ono pedote.
suryo akaryo gesang,diopeni lan di ayomi dening
condro,terus di sirnak ake dening kartiko,kahanan
mangkono terus lumaku ora ono kendate nganti
selawas -lawase.
1.suryo sakliyane duwe doyo panguwoso panguripan
ugo duwe doyo panas,lan doyo panas mau biso
mujudake geni ,kang sakteruse tibo ing awang-
uwung antarikso.
2.condro sakliyane duwe doyo panguwoso angayomi
ugo duwe doyo adem sak banjure doyo adem mau
biso awujud banyu,wusanane ugo tiboing awang-
uwung antarikso....
3.kartiko(LINTANG)..sakliyane duwe doyo adil lan
pepati..ugo duwe doyo (HOWO SUWUNG/NETRAL)
KANG SINEBUT ANGIN..angin mau ugo banjur tibo
ing antarikso ono ing alam awang-uwung..
wewujudan 3 telung warno mau sakteruse kumpul
dadi siji ono ing antarikso,katiup ing angin soko
duwur-mangisor,soko kidul-mangalor,soko etan -
mangulon,suwe-suwe geni,banyu,howo mau
mandeg,ono ing tengah2e jagad,GUMANTUNG
TANNPO CANTELAN,yo wewujudan iku mau kang di
arani MAHMA.
SUWE2 MAHMA mau banjur nngintip (ngerak)dene
intip mau mujudake pamelikan,koyo to wesi
,waja,emas,perak,lan liyo liyane..suwe2 pamelikan
mau ugo ngremboko mujudake watu,watu
ngrembbooko mujud ake pasir,pasir ugo ngremboko
mujud ake lemah,
sarehne mahma mau wewujudan kang panas banget
kamongko dibuntel dene watu pasir lan
lemah,suwene suwe banjur nguap..mujud ake banyu
lan ngrembes menyang pasir nganti tekan lemah.sak
teruse lemah kang karembesan banyu lan keno
kasunaran dayane suryo suwe2 ing lapisane bumi
biso nukulake tetukulan kang warno2...
yo kahanan wewujudan kang koyo mangkono mau
ing sakteruse di arani BUMI LAPIIS PITU.BUMI SAP
PITU).
1.MAHMA.
2.PAMELIK'AN
3.WATU.
4.PASIR
5.LEMAH..
6.BANYU
7.TETUKULAN.
dene bumi iku anduweni cahyo ireng koyo mangkono
iku asal usule JAGAD AGUNG.
lan mobah musik'e bumi kuwi di atur marang doyo
panguwasane suryo,lan keno di arani TOTO
SURYO...LENGKAPIPUN ALAM SEMESTA MENIKO
kadunungan cahhyo SEMBURAT PAPAT WARNANE
yo iku..
1.. abang asal soko SURYO.
2.kuning asal soko CONDRO/REMBULAN)....
3.putih asal soko KARTIKO.
4.IRENG asal soko BUMI.
sarehne cahyyo papat mau sing ora biso mantulake
cahyane mung cahyo ireng,mulo cahyo abang,putih
lan kuning mantulake cahyane marang cahyo kang
ireng yo cahyaning bumi yo iki kang sinebut
DUMADINE JAGAD AGUNG..........SANGKAN
PARANING DUMADI.
BAB MULO BUKANE JAGAD ALIT BAWANA SETRA/
BADAN WADAG.
(.SANGKAN PARANING DUMADI)
ing bab gumelaring jagad agung wis kito mangerteni
yen kedadeyane bumi iku asal soko geni sing
cahyane abang lan dayane panas,banyu sing
cahyane kuning sing dayane addem,angin sing
cahyaning putih sing duwe doyo hampa (netral).
kumpule geni-banyu lan angin(hawa) mujudake
MAHMA,yo iku uripe bumi sing biso ngremboko
mujud ake wadah bumi lapis pitu. kumpule doyo
panas adem lan angin (hampa) mujudake
CIPTO,ROSO,LAN KARSO. kumpule DAT ,yo iku
bebakalane URIP SAGUNG DUMADI.
kumpule cahyo 3
warno,abang,kuning,putih..mujudake SUKSMO, yoiku
badan alus,diarani (urip abadan alus) yoiku poro titah
dewo batara lan dewi,jin pri prayangan.
doyo panas,adem,lan hawa(netral) sak durunge
manunggal dadi siji wujud DAT, doyo kasebut
sumebar ngebak'i antarikso (AWANG-UWUNG)utowo
yen sak iki diarani(ATOM,ELEKTRON,NEUTRON).
kumpule cahyo 4 (papat) warno mujud ake NAFSU
,yoiku sing digunakake dene URIPe manungso
abadan wadag.cahyo mau rupane abang,kuning,putih
lan ireng.
kumpule sari-sarine geni banyu angin lan bumi
mujudake badan wadag (badan kasar) yoiku sing
digunakake manungso urip abadan wadag.
sak durunge jagad gumelar iki kadunungan titah
abadan wadag,sing ono luwih disik titah abadan alus
yoiku,SUKSMO,dene titah tiah mau ing zaman
semono diarani dewo-dewi,betoro-betari,jin
priprayangan lan sakpinunggalane.
antarane titah2mau sing duwur tatarane yoiku dewo-
dewi,betoro-betari,dene uripe poro titahh mau(titah
abadan alus) mapane ora angambah bumi,sarto
tangkar-tumangkarane ora liiwat hukum kelahiran....
(kodrat kelahiran nanging liwat hukum sabda
KAHANAN MAU NGANTI PIRANG2 ATUS TAUN
..suwe2 ono salah sawijine dewo lan batoro ingkang
nandang kalepatan gede marang gusti,soko
panguwasane syang hyang tunggal dewo mau
kasabdo dadi MANUNGSO ABADAN WADAG...lan
manggon ing bumi.lan sak teruse hukume nganggo
hukum kelahiran (KODRAT KELAHIRAN )dene dewo-
dewi kang kasabdo mau keno diiarani MANU.
jeneng MANU mau manut hukume kodrat soko
panjelmane poro dewo/batoro kang abadan
wadag.dene jeneng MANUNGSO adedasar hukume
kodrat,tang tumangkare,MANU dadi MANUNGSO
LUMRAH.adedeasar hukum kelahiran..
dene poro MANU kang numangkarakake manungso
wiwitan adedasar hukume kodrat kelahiran diarani
SWAYAMBU MANU .
MULO BUKANE BADAN ALUS
(SANGKAN PARANING DUMADI)
kumpule ROSO,CIPTO,LAN KARSO,mujudake
DAT.sing asale soko doyone trimurti
(SURYO,CONDRO,LAN KARTIKO).iyo DAT iku suci
meh podo karo sucine hyang MOHO SUCI,jalaran
pancen DAT mau asal soko dayane GUSTI (keno
disebut DAT ALLAH).
mung bedane yen sucine GUSTI ngebaki Bawono
(Jagad) dene DAT SUCINE mung ngebaki Badan
Wadag sak kojur ,gusti sing moho AGUNG nguwasani
jagad sak isine dene DAT nguwasani badan wadag
sak isine.iyo DAT mau sing dadi utusane GUSTI
,supoyo MEMAYU HAYUNING BAWONO,sak isine
sarono hukum kelahiran lan hukum sabda.
hukum kelahiran nggunakake badan kasar
hukum sabda nggunakake badan alus SUKSMO. yen
DAT nandang kaluputan (keno karmo) tumuli dadi
utusan liwat hukum sabdo nganggo badan SUKSMO.
KARMA iku soko tembung KARYA MANAH.karma
puniko SOKO PANGUWASANE PIKIRAN (DIPUN
PIKIR).
kabeh panggawe kang asal soko pikiran ,iku mesti
nguwoh. panggawe apik ,uwoh apik,ngunduh
apik,,panggawe olo nguwoh olo ngunduh olo koyo
mangkono mau mungguh lungguhe hukum KARMA
kabeh manungso kari ngunduh wohing pakarti
(PANGGAWE)
SREHNE datt mau (dat abadan suksmo) nandang
karma (olo utawi apik) mulo DAT kudu dadi
utusan,liwat panjilman miturut hukum kelahiran.dadi
yen ngono kabeh manungso urip sing dilahirake ing
alam gumelar iku mesti nandang karma (dosa)sebab
yen ora nandang karma/dosa ora bakal dilahirake
manehing alam gmelar abadan wadag miturut hukum
kelahiran,yen ora keno karma ateges isih saliro
abadan alus/batara,ono ing alam alus/kadewatan
miturut hukum sabda.
panjilmane DAT(urip) saliro batara menyang
manungso puniko liwat hukum kelahiran,dados kudu
liwat SACUMBONO (saresmi) antarane priyo lan
wanadyo.
kaweruh bab iki manut dawuh-dawuh utowo ujare
poro leluhur koyo ing nggisor iki..
dek jamane sadurunge aku ono,bopo isih joko,ibu
isih prawan,aku sejatine wis ono.
aku dumunung ono ing CIPTO,ROSO LAN KARSANE
BAKAL BOPO LAN IBU,den arani SIR (GRENJET).
bareng bakal bopo lan ibu wis kadunungan SIR
sakteruse SIRE bopo lan ibu nukulake BUDI.
sakwise bopo la ibu nukulake budine aku banjur
mapan ono ing JONOLOKANE BOPO+IBU WIS
SACUMBONO(SARESMI) aku metu liwat
kono.wujudku putih moyo-moyo asal soko campure
cahyo abang ,kuning lan putih yoiku sing diarani
MANI (SPERMA).MADI
,WADI,MANINGKEM,SUKSMO,ROSO,DAT KANG
MOHO SUCI.
TELU -TELUNE ATUNGGAL IKU SEJATINE YO
INGSUN (URIP) langgeng tan keno pati yo DAT ing
GUSTI KANG MOHO SUCI.arep yoso badan wadag
ono ing sakjeroning guwo garbane ibu,kanggo
omahku urip abadan wadag ono ing alam gumelar
nindakake kuwajiban URIP pinongko utusane GUSTI
KANG MOHO KUWOSO.
Aku ono kandutane ibu umur sakwulan ,anggonku
yoso badan wadag,ibu banjur kandeg (ora
bulanan,sak banjure ibu gawe pakurbanan,(slametan)
bubur suro,sakteruse angger tanggal 1 syuro kaum
ibu podo ngaweruhi sarana pakurbanan bubur suro
ujude bubur suro iku digawe soko bubur putih kang
di tumpangi rajangan lombok abang lan rajangan
dadar kuning iku mowo teges :kahananku,bakal
badan wadagku kang telung warno,abang soko sari-
sarine Geni,kuning soko sari-sarine Angin,putih soko
sari-sarine Banyu,ing wektu iku bakal badan
wadagku katambahan warno ireng soko sari2ne bumi
liwat ppanggonan singg didahar ibu lan rumesep ing
ari2 (wadahe pangan).
aku umur 2 wulan, badan wadagku ujudte wis pating
grendul,ibu banjur gawe jenang grendul/jenang
sapar/kang yektine diarani SAPARAN.
sakwise 3 wulan anggonku yoso badan wadag,badan
wadagku wis wujud cengkoronggan,yoiku .
1.sirah
2.gembung
3.tangan.
4.sikil
5..mripat
6.tutuk.
7.kuping
8.irung
9.wadi.yo wis katon.dene papan (kraton) telu ugo wis
dadi kang disebut.
1.GIRI LOKA.
2.HENDRO LOKA.
3.JANALOKA.
ibu banjjur slametan TELONAN kang artine
KRATONKU TELUNG PANGGONAN WIS DADI yoiku
kapernah DUWUR,TNGAH.LAN NGISOR.
(UTEG,ATI,LAN WADI).
suwe-suwe dungkap 7 wulan aku yoso omah cagak
papat lawang songo wis dadi,ugo komplit ubo
rampene arupo.
1.. balung
2.sungsum
3.otot
4.getih
5.daging
6.kulit
7.wulu.ibu banjur gawe tengerreno pitu.kang
sabanjure diarani PITONAN (LINGKEPAN) artine alat-
alate omahhku pitung warno wis jangkep/kenno
diarani bumi lapis pitu cagak papat lawange songo.
aku umur 9 wulan .ibu gawe bubur procot apem lan
gedang kang diarani PROCOTAN LAN MEGENGAN.
procotan tegese: lahirku karebpe ben gangsar procot
ora ono alangan sawiji opo.
megengan tegese: duk naliko aku arep lahir uwal
soko ibu,tansah MEGENG NAPAS.sak teruse
tangggal 1 poso slametan MEGENGAN,GEDANG
APEM.
URIP kang ono badan wadag iku dununge ono ing
TELENGE ATI ,kang kuwoso murbo amiseso omahku
(jagad cilik).sak banjure tanggal 1 syawal ibu kurban
sego punar,sing di arani SYAWALAN.tegese:aku wis
uwal soko guwo garba dadi utusane GUSTI
nindakake wajib'e URIP ono ing alam gumelar.
wiwit ono kadutane ibu nganti teko dino kelahiran
mau,ugo isih duwe panguwoso jogo lan nylametake
badan wadagku,semono ugo aku isih nguwasanii
trimurti (GIRI LOKA,HENDRO LOKA,JANALOKA).
bareng wis 5 dino utowo sepasar,panguwasaku kang
ono GIRI LOKA di endih dene sadulurku papat limo
pancer,kang kedadeyan soko cahyo patang
prakoro,dewek'e nglungguhi ono ing
KUPING,MRIPAT,IRUNG,LAN CANGKEM,anguwasani
lawangan pitu(7)kang ono GIRILOKA.YOIKU
BOLONGAN KUPING 2,MRIPAT2.IRUNG2.CANGKEM
1.LAN YEN ONO ING TOTO LAHIR DIARANI DINO
PITU.
dewek'e duwe pangroso 5 prakoro iarani PONCO
DRIYO.yoiku
1.pamireng
2.paningal
3.pangggondo
4.pangucap
5.pamikir...ing toto lahir diarani PASARAN LIMO.
sak banjur mlebu kumpul dadi siji ono ing kratone
ROSO,ono ing HENDROLOKA,mapan ono sakjeroning
ATI SANUBARI .BARENG AKU UMUR 35 DINO IBU
KURBAN SEGO TUMPENG LAN IWEL-IWEL diarani
SELAPANAN.tegese:panguuwasaku kraton telu wis di
selapi (diendih) karo sedulur papat limo pancer.
bareng aku umur 105 dino ibu ugo kurban sego
tumpeng lan iwel-iwel diarani TELUNG
LAPAN,tegese: panguwasaku ono ing telu-telune
atunggal yo iku (CIPTO,ROSO,KARSO) wis di
kuwasani karo PONCODRIYO.
yo wiwit dino iku aku wis ora duwe panguwoso babar
pisan,wiwit soko kraton 3 tekan badan wadag lapis
pitu(7) wis di aku kabeh dening sedulur papat limo
pancer,kahananku banjur soyo ambles
manjero.mapan ono ing TELENGE ATI
SANUBARI,dene omahku di enggoni lan di
kuwasani,di atur olan dijogo dewe deneng seduluur
papat limo pancer.
koyo mangkono kahananku aku tansah urip
kablenggu dening sedulurku dewe,papanku rumit
banget,pangguwasaku mung kari kango nguripi
badan wadag,tujuanku urip kanggo memayu
hayuning bawono ilang babar pisan,kamongko ing
tembe aku kudu nanggung jawab-ake dewe marang
GUSTI KANG MOHO KUWOSO.
OLAH KEPRIBADIAN AGUNGPAMBUDI72 ing wayah
bengi iki...10/06/2010
agung pambudi,kediri JAWA TIMUR
ﻻ ﺇﻟﻪ ﺇﻻ ﺍﻟﻠﻪ ﻣﺤﻤﺪ ﺭﺳﻮﻻﻟﻠﻪ
ﻟِﻜُﻞِّ ﺃُﻣَّﺔٍ ﺟَﻌَﻠْﻨَﺎ ﻣَﻨﺴَﻜﺎً ﻫُﻢْ ﻧَﺎﺳِﻜُﻮﻩُ ﻓَﻠَﺎ ﻳُﻨَﺎﺯِﻋُﻨَّﻚَ ﻓِﻲ ﺍﻟْﺄَﻣْﺮِ ﻭَﺍﺩْﻉُ ﺇِﻟَﻰ
ﺭَﺑِّﻚَ ﺇِﻧَّﻚَ ﻟَﻌَﻠَﻰ ﻫُﺪًﻯ ﻣُّﺴْﺘَﻘِﻴﻢٍ
22.67. Bagi tiap-tiap umat telah Kami tetapkan
syari'at tertentu yang mereka lakukan, maka
janganlah sekali-kali mereka membantah kamu
dalam urusan (syari'at) ini dan serulah kepada
(agama) Tuhanmu. Sesungguhnya kamu benar-benar
berada pada jalan yang lurus
mugi krenteg e manah meniko tansah hambegawan
cipto ning ..lan sedoyo ingkang kawedar wau tansah
andadosaken pangenget khususipun ten diri pribadi
sanghyang sukma sejati....engkang anglenggahi
telenging ati..menopo tego loro tego pati
panjenengan sowan piyambak ing ngarsanipun....yo
yo raganiro...jeneng siro wus mangerteni babakan iki
kanthi lumantar guru sejatiningsun nora susah
rogoniro bali menyang patang anasir..hayo nggayuh
sampurnaning dumadi (jeneng siro bakal kawedar
babakan kamuksan.ateges sampurno lan paripurno).
monggo nderekaken minggah ing sanggar pamujan
hanetepi
darmaning agesang nggayuh pakarti luhur manungso
jati mahening suci lungguhing pribadi,mawas raos
sak jeroning batos,madhep
manthep,manther,manembah mring gusti engkang
moho suci.
satu titik di bawah huruf ba...yg asal mulanya
hampa...adalah titik pusat alam semesta.
1,dari nur ilahi...memancar nur muhammad dan nur
tajali...
2.nur muhammad (jasmaniah) awal terjadinya zat...d
sebut juga zattullah..
3,nur tajali...(ruh)ruhaniyah..awal terjadinya
sifat...atau d sebut sifatullah..
4.dari nur muhammad memancar bentangan2
magnetis..yg menghasilkan lima daya...suara,aroma
,hawa.rasa.dan warna...d sebut bumi yg pertama....
5.dari nur tajali..memancarkan..bentangan2
magnetis yg d sebut naluri...d sebut langit
pertama...dalm silsilah..mahluk..
6.dari nur muhammad...1. magnet..2. aeter
3.partikel..4.atom..5 unsur..6.molekul..7
organ..terjadilah (raga)
7.dari nur tajali..1.naluri..2.panca indra yg
mempunyai lima daya 3.akal yg mempunyai tiga
daya..4. emosi 5. ambisi 6.ilusi
7.halusinasi..terjadilah..(jiwa )7 aspek jiwa..atau d
sebut 7 lapis langit.
8.jiwa dan raga..keduannya dari nur tajali dan nur
muhammad...berpadu satu..d sebut..nur alam..
(sifatu nabi rosullullah).
9.PROSEDUR PENCIPTAAN ..TETAPI BUKAN
CARANNYA MENCIPTA ,menurut AL QUR AN ALAM
SEMESTA INI TERCIPTA DALAM ENAM MASA
(TAHAPAN) 1.titik pusat berotasi dan memancarkan
titik pancarnya membentuk jari jari magnetis (waktu)
daya rotasi itu disebut( roh) dan daya pancar itu
disebut ( nur) 2.titik titik pada jari jari magnetis juga
berotasi dan mengorbit ... Lihat Selengkapnyakepada
titik pusat. 3.rotasi titik titik pancar menimbulkan
bola bola magnetis (waktu) dan orbit dari titik titik
pancar juga menimbulkan lingkaran magnetis
((waktu) 4.pengaruh rotasi konstan merubah bola
magnetis menjadi pejal(solid) dan lahirlahEMBRIO
materi yg disebut( PARTIKEL) 5.pengaruh orbit
konstan membuat partikel saling bergabung dan
terbentuklah materi awal (ATOM) 6.SELANJUTNNYA
ROTASI DAN ORBIT ATOM ATOM TERSEBUT
MEMBENTUK molekul (sel dan bio sel),molekul
molekul ini adalah EMBRIO DARI BENDA PADAT
ATAU MIKRO ORGAN.
10.sekali lagi tak satupun mahluk (termasuk
manusia) yang dapat menerangkan,bagaimana dari
suatu keadaan hampa dapat berubah menjadi materi,
hannya ALLAH yg dapat menjawabnya dan dalam al
qur an di sebut rahasia ALLAH.kita ambil contoh
seorang analist dapat mempertemukan atom oksigen
dalam suatu reaktor dan menghasilkan suatu materi
yg di sebut air( H2O) dalam hal ini air bukanlah
ciptaan sang analist tersebut,
menurut al qur an alam ini di ciptakan dalam enam
masa, di hitung dari (molekul)yaitu 1.magnetis
2.aeter 3. partikel 4.atom 5. unsur 6. organ.
11.enam masa ini berbentuk kurva sederhana untuk
selanjutnnya muncul kurva2 spektakuler,seperti
sosok tumbuhan, hewan,manusia, galaxi,dsb..dan d
luar dinding kosmos alam semesta...d
namakan..arsy.
12.satu titik di bawah huruf ba...yg asal mulanya
hampa...adalah titik pusat alam semesta.
ﻳَﺎ ﻣَﻌْﺸَﺮَ ﺍﻟْﺠِﻦِّ ﻭَﺍﻟْﺈِﻧﺲِ ﺇِﻥِ ﺍﺳْﺘَﻄَﻌْﺘُﻢْ ﺃَﻥ ﺗَﻨﻔُﺬُﻭﺍ ﻣِﻦْ ﺃَﻗْﻄَﺎﺭِ
ﺍﻟﺴَّﻤَﺎﻭَﺍﺕِ ﻭَﺍﻟْﺄَﺭْﺽِ ﻓَﺎﻧﻔُﺬُﻭﺍ ﻟَﺎ ﺗَﻨﻔُﺬُﻭﻥَ ﺇِﻟَّﺎ ﺑِﺴُﻠْﻄَﺎﻥٍ
55.33. Hai jama'ah jin dan manusia, jika kamu
sanggup menembus (melintasi) penjuru langit dan
bumi, maka lintasilah, kamu tidak dapat
menembusnya kecuali dengan kekuatan.
ﻓَﻤَﻦ ﻛَﺎﻥَ ﻳَﺮْﺟُﻮ ﻟِﻘَﺎﺀ ﺭَﺑِّﻪِ ﻓَﻠْﻴَﻌْﻤَﻞْ ﻋَﻤَﻼً ﺻَﺎﻟِﺤﺎً ﻭَﻟَﺎ ﻳُﺸْﺮِﻙْ ﺑِﻌِﺒَﺎﺩَﺓِ ﺭَﺑِّﻪِ
ﺃَﺣَﺪﺍً Barangsiapa mengharap perjumpaan dengan
Tuhannya, maka hendaklah ia mengerjakan amal
yang saleh dan janganlah ia mempersekutukan
seorangpun dalam beribadat kepada Tuhannya".
ﻗُﻞ ﻟَّﻮْ ﻛَﺎﻥَ ﺍﻟْﺒَﺤْﺮُ ﻣِﺪَﺍﺩﺍً ﻟِّﻜَﻠِﻤَﺎﺕِ ﺭَﺑِّﻲ ﻟَﻨَﻔِﺪَ ﺍﻟْﺒَﺤْﺮُ ﻗَﺒْﻞَ ﺃَﻥ ﺗَﻨﻔَﺪَ ﻛَﻠِﻤَﺎﺕُ
ﺭَﺑِّﻲ ﻭَﻟَﻮْ ﺟِﺌْﻨَﺎ ﺑِﻤِﺜْﻠِﻪِ ﻣَﺪَﺩ ﺍً
18.109. Katakanlah: Sekiranya lautan menjadi tinta
untuk (menulis) kalimat-kalimat Tuhanku, sungguh
habislah lautan itu sebelum habis (ditulis) kalimat-
kalimat Tuhanku, meskipun Kami datangkan
tambahan sebanyak itu (pula)".
Jika Allah subhanahu wa ta’ala cinta kepada seorang
hamba mk Allah
subhanahu wa ta’ala akan memilih dia utk diri-Nya
sebagai tempat
pemberian ni’mat-ni’mat-Nya dan Ia akan memilih di
antara
hamba-hamba-Nya sehingga hamba itu pun akan
menyibukkan harapan hanya
kepada Allah . ﻻ ﺇﻟﻪ ﺇﻻ ﺍﻟﻠﻪ ﻣﺤﻤﺪ ﺭﺳﻮﻻﻟﻠﻪ
istirahatlah wahai diriku dengan menyebut satu
asmanya yg paling rahasia yg ia sukai..
kepunyaan Allah-lah apa yang di langit dan di bumi
dialah yg mempunyai singasana
yg agung yg melahirkan sejuta cinta di
hatimu...cintamu kan membawamu
kedalam ruangnnya...dan ia kan mencari zat dan
sifat yg mampu
berpadu..dalam kasanah dua kalimat syahadat.
An-Nuur:035
ﺍﻟﻠَّﻪُ ﻧُﻮﺭُ ﺍﻟﺴَّﻤَﻮَﺍﺕِ ﻭَﺍﻟْﺄَﺭْﺽِ ﻣَﺜَﻞُ ﻧُﻮﺭِﻩِ ﻛَﻤِﺸْﻜَﺎﺓٍ ﻓِﻴﻬَﺎ ﻣِﺼْﺒَﺎﺡٌ
ﺍﻟْﻤِﺼْﺒَﺎﺡُ ﻓِﻲ ﺯُﺟَﺎﺟَﺔٍ ﺍﻟﺰُّﺟَﺎﺟَﺔُ ﻛَﺄَﻧَّﻬَﺎ ﻛَﻮْﻛَﺐٌ ﺩُﺭِّﻱٌّ ﻳُﻮﻗَﺪُ ﻣِﻦْ ﺷَﺠَﺮَﺓٍ
ﻣُﺒَﺎﺭَﻛَﺔٍ ﺯَﻳْﺘُﻮﻧَﺔٍ ﻟَﺎ ﺷَﺮْﻗِﻴَّﺔٍ ﻭَﻟَﺎ ﻏَﺮْﺑِﻴَّﺔٍ ﻳَﻜَﺎﺩُ ﺯَﻳْﺘُﻬَﺎ ﻳُﻀِﻲﺀُ ﻭَﻟَﻮْ ﻟَﻢْ
ﺗَﻤْﺴَﺴْﻪُ ﻧَﺎﺭٌ ﻧُﻮﺭٌ ﻋَﻠَﻰ ﻧُﻮﺭٍ ﻳَﻬْﺪِﻱ ﺍﻟﻠَّﻪُ ﻟِﻨُﻮﺭِﻩِ ﻣَﻦْ ﻳَﺸَﺎﺀُ ﻭَﻳَﻀْﺮِﺏُ ﺍﻟﻠَّﻪُ
ﺍﻟْﺄَﻣْﺜَﺎﻝَ ﻟِﻠﻨَّﺎﺱِ ﻭَﺍﻟﻠَّﻪُ ﺑِﻜُﻞِّ ﺷَﻲْﺀٍ ﻋَﻠِﻴﻢٌ
Allah (Pemberi) cahaya (kepada) langit dan bumi.
Perumpamaan cahaya Allah, adalah seperti sebuah
lubang yang tak tembus , yang di dalamnya ada
pelita besar. Pelita itu di dalam kaca (dan) kaca itu
seakan-akan bintang (yang bercahaya) seperti
mutiara, yang dinyalakan dengan minyak dari pohon
yang berkahnya, (yaitu) pohon zaitun yang tumbuh
tidak di sebelah timur (sesuatu) dan tidak pula di
sebelah barat(nya) , yang minyaknya (saja) hampir-
hampir menerangi, walaupun tidak disentuh api.
Cahaya di atas cahaya (berlapis-lapis), Allah
membimbing kepada cahaya-Nya siapa yang dia
kehendaki, dan Allah memperbuat perumpamaan-
perumpamaan bagi manusia, dan Allah Maha
Mengetahui segala sesuatu .
mugi krenteg e manah meniko tansah hambegawan
cipto ning ..lan sedoyo ingkang kawedar wau tansah
andadosaken pangenget khususipun ten diri pribadi
kulo lan panjenengan sami..
MASKOT JATAYU( LAMBANG KERAJAAN
KAHURIPAN DI ZAMAN AIR LANGGA) pada 4 sisi...
terdapat di pintu gerbang MASJID AULIA SETONO
GEDHONG MAKAM WALI-WALI KEDIRI
monggo nderekaken minggah ing sanggar pamujan
hanetepi darmaning agesang nggayuh pakarti luhur
manungso jati ,mahening suci lungguhing
pribadi,mawas raos sak jeroning batos,madhep
manthep,manther,manembah mring gusti engkang
moho suci.
olah kepribadian agungpambudi72 KEDIRI
10/06/1972- JAKARTA
10/06/2010 agungpambudi72