soewarsomandalaputra

Rabu, 18 Maret 2015

Sangkan paraning manungsa(sangkanparan) urep ana nang paran paran

SANGKAN PARANING MANUNGSA

SANGKAN PARANING MANUNGSA

SIPAT RONG PULUH
BISA DADI GURU ILMU TANPA GURU

DIKARANG DENING :
Rd. Mugihardjo
Al. Mbah Lantip

TJAP²AN KANG KATIGA.


DIBABAR DENING :

Toko Buku  “KENG”

Djl. Mataram 133 – Semarang.


























BEBUKA

Para maos kang minulja, buku gantjaran Sipat Rongpuluh utawa Sangkan Paraning Manungsa, utawa ing sédjé tembung diarani Sangkan Paraning Dumadi.

Sengadja dak ontjèki nganggo tembung ngoko, iku mung murih nggampangaké para sedulur sing pada matja, ing pangangkah adja nganti anduwèni pikiran kang mbingungaké, amargo arep dak terangaké kang sarana blak-blakan, adja was sumelang marang katranganku kang dak printji sarana tatanan kang ganep.

Sanadjan aku wis ngarani ganep, nanging bab ganeping unèn-unèn, éwa semono isih ana kang winadi, jaiku bab kang diarani, ana padang, bjar padang terawangan, nanging dudu padanging lampu lan dudu padanging Srengéngé, uga dudu padanging Rembulan, gumantung tanpa tjantèlan. Bab iki kang ana walaté gedé banget, kudu dilakoni dening wong loro, kang marahi lan kang diwarahi, ateges ana ing papan pamedjangan. Jèn nganti kena ditulis kabèh ana ing buku, mangkono mau wis dudu djeneng kawruh kebatinan, mula ana kang kineker.

                                                                  Surabaja, Slasa Legi ping 30-6-1959.



Buku iki gandèngané.

Djilid 1.  Primbon Kelahiran Djangkep.
    ,,    2.        ,,       Nasib Manungsa.
    ,,    3.        ,,       Nudjum Djawa Sedjati.
    ,,    4.        ,,       Tjakramanggilingan.
    ,,    5.        ,,       Mustikaning Kidungan.
    ,,    6.        ,,       Pulanggeni.







Bab pambukaning aksara Djawa.

Aksara Ha = Tegesé  Hurip/Ana urip.
Urip iku ora ana kang nguripi, urip idjèn, urip langgeng ora kena ing Pati. Nguripi sakabèhing kahanan.

Aksara Na = Tegesé Nur.
Nuring Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Tja = Tegesé Tjahja.
Tjahjaning Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Ra = Tegesé Roh.
Rohing Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Ka = Tegesé Kumpul.
Kumpuling Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Da = Tegesé Dat.
Dating Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Ta = Tegesé Tes.
Tesing Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Sa = Tegesé Sidji.
Gusti Allah mung sidji ora ana kang madani.

Aksara Wa = Tegesé Wudjud.
Wudjuding Gusti dumunung anèng sipating Manungsa, jèn wis wetengan 9 sasi bandjur lair djabang baji.

Aksara La = Tegesé Langgeng.
Gusti Allah Langgeng ing salawas-lawasé.

Aksara Pa = Tegesé Papan.
Papaning Gusti angebaki ing djagad.

Aksara Dha = Tegesé Dawuh.
Dawuhing Gusti dumunung anèng lèsaning Adam, jaiku Manungsa kang utama.

Aksara Dja = Tegesé Djasat.
Djasating Gusti dumunung anèng sipating Manungsa kang utama.

Aksara Ja = Tegesé dawuhing Allah.
Gusti Allah tansah neksèni marang kareping Manungsa, Ala lan Betjik ngagem pangandika “JA”.

Aksara Nja = Tegesé Pasrah = / ngulungaké.
Gusti Allah kalajan éklas ngulungaké kang wis tjumawis ana ing ngalam donja.

Aksara Ma = Tegesé Marga/dalan.
Gusti Allah wis paring  Marga marang Manungsa sing ala lan sing betjik.

Aksara Ga = Tegesé Gaib.
Gaibing Gusti dumunung anèng sipating Manungsa.

Aksara Ba = Tegesé Babar.
Babaring Manungsa saka Gaibing Gusti.

Aksara Ta = Tegesé Tukul.
Tukuling Gaib, saka karsaning Gusti. Gaib ana paribasan. Adoh tampa wangenan tjedak tampa sènggolan, ana rerupan mantjorong tan kena digrajang, gedene samritja binubut, jaiku Gaibing Gusti.

Aksara Nga = Tegesé Ngalam kang Gumilang.
Gumilanging Gusti/Gaibing Gusti ana rerupan kang Gumilang.

Bab Aksara 20 kang digandèng.

1.      Ha                   +                      Nga                 =                      Hanga  tegesé  Hangen-hangen.
2.      Na                   +                      Ta                                =                      Nata                            ,,        Nutuk.
Tja                   +                      Ba                                =                      Tjaba                           ,,        Tjoblong.
Ra                    +                      Ga                               =                      Raga                            ,,                      Awak.
Ka                   +                      Ma                   =                      Kama                           ,,                      Kama/widji.
Da                   +                      Nja                  =                      Danja                           ,,                      Donja.
Ta                    +                      Ja                                 =                      Taja                             ,,                      Toja/banyu
Sa                    +                      Dja                  =                      Sadja                           ,,                      Sidji.
Wa                   +                      Da                               =                      Wada                           ,,                      Wadah.
La                    +                      Pa                                =                      Lapa                            ,,                      Lampus/mati.







Bab tegesé Aksara 20 kang wis digandèng.

Angen-angen = tegesé kang diarani Pantja Drija. Pantja tegesé 5 = jaiku kang diarani angen-angen 5 prakara kajata :

a.       Angen-angen kang dumunung ana ing bun-bunan kanggo mikir sakabèhing kahanan.
b.      Angen-angening mripat mung kanggo ndeleng sekabèhing kahanan.
c.       Angen-angening kuping mung kanggo ngrungokaké suwaraning kahanan.
d.      Angen-angening irung mung kanggo ngambu sakabèhing kahanan.
e.       Angen-angening lesan (tjangkem) kanggo ngrasakaké pangandu. Wis djangkep limang prakara, kang diarani Pantja  drija utawa kang diarani bagean Kéblat Papat kalima pantjer kang dumunung ana ing Sirahing Manungsa utawa kasebut Bental Mukaram.

Bab kang diarani Nutuk lan Tjoblong (Bolong).

Tembung loro kang kasebut ing nduwur ngemu wadahing antarane Prija lan Wanita nalikané ulet rasa dadi sidji. Jaiku anané tembung “Kun” tegesé Prija lan Wanita pada ngetokaké tembung Ja ! lan Ajo! Lan Gelem.

Bab kang diarani Raga/Awak.

Tembung Raga (Ragangan) kareping Prija lan Wanita nalika ulet rasa dadi sawidji pada karepé njipta raganganing Awak supaja bisa kabul duwé turun.

Tembung kang diarani Kama.

Bab tembung “Kama” tumrap Prija lan Wanita kaja-kaja wis ora kesamaran manèh, amarga wis pada kanggonan lan wis pada mangerti. Aning Raga kang kasebut ing Bab 3, bisané dadi widji amarga saka Kama. Kama diarani awang uwung.

Bab kang diarani Donja.

Tembung Donja mungguh tegesé, kaja kang kasebut ing Bab 4 sawisé sawidji, widji mau bisa dadi bakal katurunaké ing Donja (Ngalam donja) mungguh gamblanging manèh, saking Kresaning Gusti Allah : saka ing Kahajangan katurunaké ing Ngretja Pada, jaiku ing Ngalam donja.

Bab kang diarani Taja.

Tembung Taja tegesé, nalika ana Baji lair, kang luwih disik mung dipetuk Banju (toja), mula saka iku Banju iku kang luwih tuwa déwé, utawa kang kasebut Mutmainah, ing mburi uga bakal dak terangaké.

Bab kang diarani “Sidji”.

Tembung Sidji, Baji kang lagi lair iku lumrahé ja mung Sidji, déné jèn ana baji lair nganti loro (kembar) iku sedjatiné mung saka kaélokané utawa Kanugrahaning Sing Maha Kuwasa.

Bab kang diarani Wadah.

Tembung Wadah, ing nalika Hardaning Prija lan Wanita, nalika uleting Rasa dadi Sawidji, ing kono kang diarani isi golèk wadah, nanging adja klèru panampa wadah golèk isi, amarga saka tembung lumrah, wadah karo isi iku panganggepé tuwa Wadah, nanging sedjatiné tuwa isi. Mungguh terangé mangkéné,jaiku omah. Déné omah iku sedjatiné wadah, bandjur dienggoni uwong. Déné wong (Manungsa) dak upamakaké isi, dadi ja wis terang banget, jèn sing butuh wadah iku isi, tegesé sing butuh panggonan isiné. Nanging dudu panggonan nggolèki isiné. Bab iki perlu dak terangaké manèh, supaja adja nganti isih ana kang bingung panampané. Buktiné jèn sing butuh wadah mau Si Isi. Jèn ana wong mati kaé  rak ditinggal Isi (Urip). Jèn rumangsa wadah luwih tuwa tinimbang Isi (Urip) mbok ija ragané bengok-bengok adja gelem ditinggal, apa manèh jèn sing ditinggal mau isih enom, isih akèh kesenengané, mbok adja gelem, malah mung meneng waé. Ja apa ora para maos ? Bener lan salahé katranganku mung dak pasrahaké pandjenegan kabèh. Dadi adja sok udur bab tuwaning wadah lan isi. Sebab sok wonga, bab ananing wadah lan isi iku diaréné tuwa isi. Mbok ja di priksa ananging tembung kang uniné mangkéné Sadurungé Djagat dumadi isih awang-uwung ora ana apa-apa, sing Djumeneng mung Ingsun tegésé anané mung Urip/Gusti Allah.
Ana katrangan manèh, jèn kersa manggalih sing tenan (sing temen-temen) nalika uleting rasa Prija lan Wanita iku tegesé isih awang-uwung, bandjur nibakaké widji (urip), déné widji kang tiba mau, jèn olèh wadah bisa lair djabang baji, nanging jèn ora olèh wadah, nandakaké ora katrima ateges isih suwung, nanging Si Urip tetep ana tegesé Si Isi. Ana ing ngendi dunungé Si Isi ? Jaiku ana Bapa lan bijung. Selawasé Bapa lan bijung isih urip, selawasé isih bisa nibakaké isi.

Bab kang diarani Lampus/Mati.

Tembung Mati, tegesé mangkéné, sekabèhing kahanan kang diarani Urip, bisa mobah mosik, jèn ditinggal uripé, diarani Mati, tembung iki sedjatiné tembung lumrah, nanging salah kaprah. Mungguh tembung sing sabeneré ora mati, nanging bali menjang asalé tegesé, sarèhning Manungsa iku asalé siraga saka lemah, ja bali menjang lemah (njang kuburan). Déné Si Urip, sarèhning asal saka Suwung ja bali menjang Suwung (awang-uwung). Nanging kang diarani Suwung sedjatiné ana. Bab iki ora kena katulis amarga walaté gedé banget ora kena kanggo sembarangan.

Bab Kéblat Papat kalima Pantjer ing Rasa.

Ing nduwur wis ana katrangan bab ananing Kéblat Papat kang dumunung ana ing Béttal Muharam, ing ngisor iki babarané bab Kéblat papat kalima pantjer kang dumunung ana ing Rasa, kajata.

1.      Kang tuwa déwé jaiku kang djenengé Mutmainah Wudjudé Banju, rupané putih, wateké sutji/kang sutji tegesé kang temen déwé, lawangé ana ing Irung, pérangan awak iku kang temen déwé ja mung Irung, umpamané mangkéne, ana tanggané nggorèng gerèh, mripaté durung weruh, nanging Irungé wis mambu disik, umpamané dinjatakna ja gorèng gerèh temenan, lan lija-lijané. Ewa semono uga isih bisa goroh, tegesé mangkéné, trasi iku ambuné ora ènak, nanging rasané ènak, njatané dibutuhaké wong akèh, kang kapindo, kembang iku ambuné wangi, nanging jèn dirasakaké pait, lan lija-lijane.

Mutmainah iku lungguhé ana ing Djantung.

2.      Kang nomer Loro kang diarani Amarah, Wudjudé Getih (Rah) rupané abang, wataké keras, angkara murka, brangasan, jèn duwé kekarepan prasasat ora kena diendakaké ateges bregudul, lawangé ana ing Kuping. Katrangané mangkéné, sekabèhing wong bisané ngrasakaké tembung ala lan betjik amarga duwé kuping, kang kupingé ora budeg, upama ana wong dipisuhi bandjur nesu, amarga kupingé isih krungu, lan sapanunggalané. Manungsa bisa duwé kekarepan ala lan betjik amarga saka dajaning getih, amarga getih iku, kang mobah mosiking kareping Manungsa. Manungsa tanpa duwé getih abang, kahananing Djahat ora bakal ramé kaja kang kita lungguhi saiki, tanpa ramé ateges isih suwung sepi njejet.

Amarah iku lungguhé ana ing amperu (Peru).

3.      Kang nomer telu, kang diarani Supijah, wudjudé angin, rupané kuning, wataké kanggo ngudja kasenengan utawa ngumbar hawa napsu, lawangé ana ing Mripat, déné mripat iku kang diarani lananging djagad, djalaran Manungsa jèn mripaté wuta, ora weruh apa-apa, ateges mati oboré, jèn ana apa-apa sing krungu mung kupingé, samono uga jèn kupingé ora budeg. Mripat gunané kanggo ndeleng barang kang gumelar, bisané duwé pepinginan amarga saka mripaté sing weruh, bisané nggelaraké djagat ja saka weruhing mripat, wudjuding angin kang metu saka ing Irung.

Lungguhing Angin ana ing Pusuh.

4.        Kang nomer papat kang diarani Aluamah wudjudé Lemah, rupané Ireng, wataké mung seneng ngrasakaké Panganan (mung seneng mangan). Lawangé ana ing lèsan (tjangkem). Déné tjangkemé  iku kanggoné mung kanggo mangan lan guneman. Kanggo ngrasakaké panganan énak lan sing ora énak, kanggo guneman tembung kang apik lan kang ora betjik. Mulané Manungsa iku bisané slamet lan ora slamet jèn tumrap menjang tembung, mung saka uniné déwé. Mula saka iku si pengarang atur pamrajoga, pada-pada ngetokaké tembung (gunem) tinimbang lambé mau kanggo ngetokaké tembung sing rusuh-rusuh sing ala-ala ora pantes dirungokaké ing lijan, supaja andjalari slamet, aluwung ngetokaké tembung sing betjik apik-apik, mangkéné saterusé.
Aluamah lungguhé ana ing Waduk. Déné waduk iku gedonging panganan, nanging jèn usus gedonging kotoran.

5.      Djangkep kang kaping lima. Jaiku Urip, kang Nguripi patang prakara kang kasebut ing duwur utawa kang diarani Sedulur Papat kalima Pantjer. Jaiku Pantjeré ana ing Urip = Katrangané mangkéné :
a.       Mutmainah
b.      Amarah                  diwengku déning urip.
c.       Supijah
d.      Aluamah
e.       Urip mung sidji ora ana kang nguripi. Uripi kang langgeng, ora owah gingsir ing selawas-lawasé.

Bab kéblat papat kalima pantjer ing lair.

Manungsa duwé tangan tengen          1
Manungsa duwé tangan kiwa 1
Manungsa duwé sikil     tengen          1
Manungsa duwé sikil     kiwa 1

Kang kalima jaiku Gembung = kang diarani :
a.       Bèntal  Makmur.
b.          ,,      Muhadas.
c.           ,,      Mukaram.

Telung prakara ing duwur kang kasebut, jaiku kang diarani teluning atunggal ing lair, tegesé kenjataan. Mula saka iku akèh sing pada dadi soalan, ing pitakon kang diarani teluning atunggal, lan loroning atunggal, ing kéné sok umjek, amarga pada kurang mangertiné. Sing ditakokaké mau, apa gandèng karo lair apa batin, marga  djaman saiki akèh tembung kang pada plèsètan.

Bab tegesé Ha. Na. Tja. Ra. Ka.

1.      Ha, Na, Tja, Ra, Ka, tegesé ana utusan, utusaning Gusti Allah jaiku Manungsa Bapa lan bijung. Ananging para maos adja nganti klèru tampa, Manungsa lumrah ora duwé pangkat Nabi. Nanging aku ngarani tetep dadi utusan. Mungguh kenjataané.
Kang diarani Pangkat Nabi iku saumpama jèn dibandingaké karo djaman saiki, kajata. Kebajan iku uga utusaning Pemerintah nanging kegolong pangkat kang asor déwé, beda karo pangkating Lurah. Asistèn iku uga utusaning Pemerintah, nanging luwih duwur manèh kang Pangkat Gupernur, mangkéné sabandjuré. Sebab mulané dak terangaké mangkéné marga aku kuwatir jèn diarani njinggung asmané K.N. Sw. sebab katranganku babar pisan ora magepokan karo anané Kenabian, ananging mung njang djeneng utusan waé. Amarga aku uga duwé kejakinan kang maton, jèn Manungsa iku dudu/ora dadi utusan/rak ora diparingi kapinteran kang luwih-luwih déning kang Maha Kuwasa. Amarga Manungsa salah sawidjining titah kang luwih-luwih, ana ing ngalam donja kéné.

Bab tegesé Da,Ta, Sa, Wa, La :

2.      Da, Ta, Sa, Wa, La : tegesé pada sawala (Perang) jaiku kang terang ja utusan mau Bapa lan bijung jèn digatukaké karo tjarita ing Kuna jaiku perangé utusané K.N. kang aran Dora lan utusané Hadji Saka aran Si Sembada, déné kang direbut Gamané. Ing wusana sarèhning pada digdajané bandjur sampjuh, tegesé mati bareng. Sawisé mangkono bandjur anané aksara Ha – Nga Lha ! Saiki ajo pada diontjèki, tinggalaning wasiat Hadji Saka karo kahanan saiki tjotjok apa ora. Nalika Bapa lan bijung pada sawala (Perang) ana ing papan sepi, tegesé ora kawruhan dèning lijan jaiku nalika ulet rasa dadi sawidji, sing direbut ja gaman. Gaman apa ? Gaman Saru tama, salah sawidjining Gaman kang ampuh banget, ana unèn-unèn ing pedalangan, tedas mati ora tedas ja mati, ja apa ora ? Kang diarani Gaman Saru tama tegesé Saru ananging utama. Mungguh saruné tegesé jèn mlaju karo wuda, rak diarani wong Edan. Mungguh utamané, kadjaba wis umum kanggo Bapa lan bijung, jèn duwé turun, bandjur lairé si Djabang baji mau, ja anané Ha. Na. Tja. Ra. Ka. kang anjar manèh, mengkono sabandjuré, saben ana baji lair jaiku Ha. Na. Tja. Ra. Ka. Mungguh ontjèk-ontjèk aku, kaprijé penggalihé para maos, bener lan luputé, jèn rumangsa bener adja dialem, nanging jèn luput adja ditjatjat, djer donja iku isiné ja mung rong warna iki, djandji ana bener ja ana luput. Dadi sipating aksara Djawa iku ja ana Manungsa Lanang lan Wadon. Djalaran kanggo awakku déwé, ora bungah jèn dialem lan ora susah lamun ditjatjat.

Bab tegesé aksara Pa, Da, Dja, Ja, Nja.

3.      Tegesé aksara Pa. Da. Dja. Ja. Nja. mangkéné. Pada Djajané/Pada Digdajané/amarga pada karepé,ja pada senengé, ja pada pasrahé (Nja), apa kang direbut ja Gaman Saru Tama sing digdajané ja Bapa lan bijung. Bab iki ora perlu akèh-akèh katrangan amarga wis tjukup ana ing aksara Da. Ta. Sa. Wa. La ing nduwur mau.

Bab aksara Ma, Ga, Ba, Ta, Nga.
4.      Aksara Ma. Ga. Ba. Ta. Nga. tegesé Pada dadi Batangé/sampjuh, sing Sjampjuh jaiku Bapa lan bijung. Kang diarani  Sampjuh iku tegesé mati bareng. Mungguh kenjatakané sawisé perang bandjur pada saré, wong saré iku pada karo wong mati tur sedjatiné ja ora krungu apa-apa, mengkéné iki kang diarani mati sajroning urip. Tegesé Ragané wis katon kaja wong mati, nanging isih kadunungan urip. Buktiné terkadang-kadang omahé digangsir wong ja sok ora weruh. Déné sing weruh mung uripé. La urip mau ora butuh Banda, si urip mung butuh ngemong Raga jèn bab Banda rak bandaning Manungsa sing kanggonan urip. Mangkono katranganku bener luputé, dak pasrahaké pandjenegan kabèh.

Bab Tjarakan Djawa iku uga golongan kèblat Papat kalima Pantjer. Sedjatiné Tjarakan Djawa iku ja dipèrang dadi 9 pèrangan, Sepisan kanggo paseksèn anané Wali wolu sanga tinari. Kaping pindo kanggo paseksèn anané Babahan nawa Sanga. Kaping telu kanggo paseksèn anané Baji ana ing kandungan sangang wulan bandjur lair, lan uga kena diarani Teluning Atunggal manèh. Sanadjan ing buku lijané wis ana gambaré kéblating Tjarakan Djawa ing kéné uga bakal dak gambar manèh, amarga wong tuku buku iki, mung milik menjang kasenengané déwé-déwé. Kaja ing ngisor iki kéblating Aksara Djawa Rong puluh. Sipat rong puluh kang dipèrang dadi 9.

                                  Neptuné dina lan Pasaran
                                            8 – 12 – 16
                                    Ma. Ga. Ba. Ta. Nga.

  Lor
                                                            Pa                                                                                  Urip                                                                                       Ha
Neptuné dina  Da                                                                                                                                                                                           Na       Neptune dina
lan Pasaran                  Dja                  Kulon                                                                          Wetan              Tja       lan Pasaran
7 – 11 – 15                  Ja                                                             Langgeng                                                                Ra                        9 – 13 - 17
                                    Nja                                                                  Kidul                                                              Ka

Da. Ta. Sa. Wa. La.
Neptuné dina lan Pasaran
                                              10 – 14 – 18








                                          Pasaran  Wage

                                          Ra. Wa. Ja. Ta.

 
                                                            Tja                                                                                                                                                                               Ha
Pasaran                                    Sa                                                        Ka. La. Nja. Nga                                                         Da       Pasaran
Pon                                          Dja                                                      Pasaran Kliwon                                                           Pa                    Legi
                                                            Ba                                                                                                                                                                                Ma                  
                                                                                                                                                                                                                       

 Na. Ta. Da. Ga.
   Pasaran Paing

Bab dunungé Aksara Djawa kang ana pèrangan awak.
1.      Ha. Na. Tja. Ra. Ka. Dunungé ana ing dridji tangan tengen.
2.      Da. Ta. Sa. Wa. La. Dunungé ana ing dridji tangan kiwa.
3.      Pa. Da. Dja. Ja. Nja. Dunungé ana ing dridji sikil tengen.
4.      Ma. Ga. Ba. Ta. Nga. Dunungé ana ing dridji sikil kiwa.
5.      Kang pantjèn ana ing tengah, jaiku urip langgeng kang ora owah gingsir ing salawas-lawasé.
Aksara Djawa kang ana pèrangan ing nduwur, kanggo djodoan, bojongan, lan sapanunggalané, nanging ora dak emot ing kéné amarga wis ana bagèan buku Nudjum Djawa Sedjati, amarga buku iki mung ngemot/nerangaké Sangkan Paraning dumadi, sanadjan sing nomer 2 uga wis ana Buku Primbon Nudjum Djawa Sedjati, jèn perlu supaja mundut Buku kang kasebut, uga wis pepak isining panudjuman.

Akasara 20 dipèrang manèh kaja ing ngisor iki :
1.      Aksara kang sidji kang Nguripi, ananging urip.
2.      Aksara kang 3 jaiku anané.
a.  Bétal Mukaram.
b. Bétal Makmur.
c.  Bétal Mukadas.

Aksara kang 4 kaja ing ngisor iki.
a.  Mutmainah
b. Amarah
c.  Supijah
d.       Aluamah

Aksara kang 5 kaja ing ngisor iki.
a.  Kliwon
b. Legi
c.  Paing
d.                   Pon
e.  Wagé

Aksara kang 7 kaja ing ngisor iki.
a.  Akat
b. Senèn
c.  Slasa
d.                   Rebo
e.  Kemis
f.  Djumuah
g. Setu

Aksara 20 kang dipèrang kaja ing ngisor iki.
Aksara Ha. Na. Tja. Ra. Ka. Da. Ta. Sa. Wa. Sangang aksara iki bagèjané wong lanang, amarga wong lanang iku mung duwé bolongan 9 = nanging wong wadon duwé bolongan 11, jaiku kang loro ana ing Pajudara (Susu) aksarané kaja ing ngisor iki.
La. Pa. Da. Dja. Ja. Nja. Ma. Ga. Ba. Ta. Nga.

Bab kedadèjaning Manungsa.
Manungsa iku kedadèjan saka patang prakara.
a.  Mutmainah              Banju
b. Amarah                               Getih                           Kang pantjer urip.
c.  Supijah                                            Angin
d.                   Aluamah                                 Bumi

Kaja kang kasebut ing nduwur mau.
Manungsa pada ngrumangsani duwé banju, jaiku kang dadi ujuh.
Manungsa duwé getih (geni) kang dadi kringet, lan duwé nepsu, iku saka dajaning getih.
Manungsa duwé angin jaiku kang metu saka ing irung.
Manungsa duwé lemah jaiku kang dadi bolot, mulané Manungsa iku sanadjan adus resikan sing kaja apa, tansah isih duwé bolot, ora bisa entèk-entèk.
Ing ngisor iki katrangan neptuné dina lan pasaran kang kasebut ing Kéblat.

1.      Slasa                                  Kliwon                              =              Slasa                      neptu      3                              Kliwon   neptu      8              =        11           Keb.       Kulon
2.      Rebo                                  Legi                   =              Rebo                      neptu      7                              Legi                        neptu      5              =        12           Keb.       Lor
3.      Kemis                           Paing                      =              Kemis                    neptu      8                              Paing                      neptu      9              =        17           Keb.       Wetan
4.      Djumuah      Pon                         =              Djumuah               neptu      6                              Pon                         neptu      7              =              13        Keb.       Wetan
5.      Setu                                               Wagé                      =              Setu                        neptu      9                              Wagé                      neptu      4        =              13           Keb.       Wetan
6.      Akat                                              Kliwon   =              Akat                       neptu      5                              Kliwon   neptu      8              =              13        Keb.       Wetan
7.      Senen                            Legi                        =              Senen                     neptu      4                              Legi                        neptu      5              =          9            Keb.       Wetan
8.      Slasa                                             Paing                      =              Slasa                      neptu      3                              Paing                      neptu      9        =              12           Keb.       Lor
9.      Rebo                                             Pon                         =              Rebo                      neptu      7                              Pon                         neptu      7        =              14           Keb.       Kidul
10.     Kemis                           Wagé                      =              Kemis                    neptu      8                              Wagé                      neptu      4              =        12           Keb.       Lor
11.     Djumuah      Kliwon   =              Djumuah               neptu      6                              Kliwon   neptu      8              =              14           Keb.        Kidul
12.     Setu                                               Legi                        =              Setu                        neptu      9                              Legi                        neptu      5        =              14           Keb.       Kidul
13.     Akat                                              Paing                      =              Akat                       neptu      5                              Paing                      neptu      9        =              14           Keb.       Kidul
14.     Senen                            Pon                         =              Senen                     neptu      4                              Pon                         neptu      7              =        11           Keb.       Kulon
15.    Slasa                                              Wagé                      =              Slasa                      neptu      3                              Wagé                      neptu      4        =              7             Keb.       Kulon
16.    Rebo                                              Kliwon   =              Rebo                      neptu      7                              Kliwon   neptu      8              =              15        Keb.       Kulon
17.    Kemis                            Legi                        =              Kemis                    neptu      8                              Legi                        neptu      5              =        13           Keb.       Wetan
18.    Djumuah                       Paing                      =              Djumuah               neptu      6                              Paing                      neptu      9              =        15           Keb.       Kulon
19.    Setu                                                Pon                         =              Setu                        neptu      9                              Pon                         neptu      7        =              16           Keb.       Lor
20.    Akat                                               Wagé                      =              Akat                       neptu      5                              Wagé                      neptu      4        =              9             Keb.       Wetan
21.    Senen                                             Kliwon   =              Senen                     neptu      4                              Kliwon   neptu      8              =              12        Keb.       Lor
22.    Slasa                                              Legi                        =              Slasa                      neptu      3                              Legi                        neptu      5        =              8             Keb.       Lor
23.    Rebo                                              Paing                      =              Rebo                      neptu      7                              Paing                      neptu      9        =              16           Keb.       Lor
24.    Kemis                            Pon                         =              Kemis                    neptu      8                              Pon                         neptu      7              =        15           Keb.       Kulon
25.    Djumuah                       Wagé                      =              Djumuah               neptu      6                              Wagé                      neptu      4              =        10           Keb.       Kidul
26.    Setu                                                Kliwon   =              Setu                        neptu      9                              Kliwon   neptu      8              =              17        Keb.       Wetan
27.    Akat                                               Legi                        =              Akat                       neptu      5                              Legi                        neptu      5        =              10           Keb.       Kidul
28.    Senen                                             Paing                      =              Senen                     neptu      4                              Paing                      neptu      9        =              13           Keb.       Wetan
29.    Slasa                                              Pon                         =              Slasa                      neptu      3                              Pon                         neptu      7        =              10           Keb.       Kidul
30.    Rebo                                              Wagé                      =              Rebo                      neptu      7                              Wagé                      neptu      4        =              11           Keb.       Kulon
31.    Kemis                            Kliwon   =              Kemis    neptu      8                              Kliwon   neptu      8              =              16           Keb.       Lor
32.    Djumuah                       Legi                        =              Djumuah               neptu      6                              Legi                        neptu      5              =        11           Keb.       Kulon
33.    Setu                                                Paing                      =              Setu                        neptu      9                              Paing                      neptu      9        =              18           Keb.       Kidul
34.    Akat                                               Pon                         =              Akat                       neptu      5                              Pon                         neptu      7        =              12           Keb.       Lor
35.    Senen                                             Wagé                      =              Senen                     neptu      4                              Wagé                      neptu      4        =                8            Keb.       Lor

Bab neptu kang kasebut ing nduwur, jèn mestiné wis ora dak terangaké ing kéné, amarga aku ndjagani sing durung tau magepokan bab dina lan pasaran, wis mesti gawé bingung. Djalaran wis dak patjak ana ing Primbon Widjaja Kusuma.

Bab djamu Djawa sedjati.

Ha. Na. Tja. Ra. Ka. – Nga iku pangandikaning Allah. Para maos kiraku sing mesti pratjaja jèn Tjarakan Djawa iku, Pangandikaning Allah, kanggo ing tanah Djawa kéné, Aksara arab iku uga pangandikaning Allah ing tanah Arab lan lija-lijané. Ing saindenging donja duwèni basa déwé-déwé kabèh mau uga kena diarani pangandikaning Allah, amarga saindenging donja iki kabèh ja kagungané Gusti Allah. Mula saka iku saka kejakinanku déwé, mungguh ananing Agama mau bandjur ditulis nganggo tembungé déwé-déwé, kiraku ja luwih gampang tur gelis ngerti kang dadi teges-tegesé, dadi nggampangaké ing pasinaon (pamulangé), kaja mangkéné sabandjuré.

Bab neptuné Dina lan Pasaran.

Akat                neptu   5                                                                                              1.         Kliwon                        neptu   8
Senen              neptu 4                                                                                                2.         Legi                             neptu   5
Slasa                neptu   3                                                                                              3.         Paing                           neptu   9
Rebo                neptu   7                                                                                              4.         Pon                              neptu   7
Kemis              neptu   8                                                                                              5          Wagé                           neptu   4
Djumuah         neptu   6                                                                                                                                                ________
Setu                             neptu   9                                                                                                          Gunggung                            33
_______
                           Gunggung                42

Neptuning Dina lan Pasaran jèn digunggung ana 42 + 33 = 75 = Angka 75 iki jèn dipetjah, dadi loro kaja ing ngisor iki =
Angka 7 = kang dadi Dina pitu.
Angka 5          = kang dadi Pasaran.
Angka 7 + 5 = gunggung ana 12 jaiku bandjur dadi taun, (12 sasi) mangkéné katrangané.
Déné gunggunging Dina + Pasaran jèn didjèjèr bisa dadi 4 2 3 3.
Angka 4 2 3 3 iki tegesé Aksara Djawa iku bisa djawab tembung kèhé 4 2 3 3 tembung, mangkéné iki katrangané.

Bab Aksara Arab lan Aksara Djawa.
Aksara Djawa iku sedjatiné ana 21 nanging kang sidji ora mlebu ing etungan lair, amarga Aksara kang sidji iki Aksara kang ora bisa mati jaiku “..?..”
Mangkono uga Aksara Arab iku sedjatiné ana 31 déné kang sidji Aksara Alip kang ora bisa mati.
Gunggungé Aksara Djawa      21.
Gunggungé Aksara Arab                    31. =  kang 1 Aksara Alip kang ora bisa mati.
Jèn digunggung dadi                          52. =  ora bisa mati.
Angka 52 iki uga anduwéni teges kang gandèng karo kahananing Manungsa.
Angka 5 = tegesé saka anané Keblat papat kalima pantjer.
Angka 2 = tegesé saka anané Bapa lan bijung.                      

Mungguh katrangané kang tjeta Bapa lan bijung iku asalé ja ora ana bèdané pada-pada Kèblat papat kalima Pantjer.
Angka lima uga anduwéni teges ananging Agama Islam limang prakara.
Kang diarani   Isa
Kang diarani   Subuh
Kang diarani   Lohor
Kang diarani   Asar
Kang diarani   Maghrib
Déné Aksara Arab iku tegesé asal saka wadon.
Lan Aksara Djawa iku tegesé asal saka Lanang.
Jèn dipikir sing temenan, sedjatiné kang kasebut ing nduwur iku kang diarani Loroning atunggal jèn dideleng saka wiwitané, nanging bareng dideleng menjang kenjataané kok tansah padudon waé. Nanging jèn didjupuk saka anané utusané, K.N. Mohamad SW. lan utusané Hadji Saka jaiku kang aran Dara lan Sembada, ja anané. Lanang lan Wadon ja akèh èmperé. Amarga saakèh-akèhané jèn wong Wadon iku pantjèn panggonané srèi, ja panggonané rèwèl mangkono sabandjuré. Mangka jèn didjupuk ladjeré kang wiwitan, kang diarani loroning atunggal iku saka anané Abang lan Putih tegesé mangkéné :
a.       Wudjud kang Putih asalé saka Bapa kang kedadèjané Sukma.
b.      Wudjud kang Abang asalé saka bijung kang kedadèjané Raga.
Mangkéné iki katrangané, njumanggakaké panganggepé para maos.

Bab ananing Angka 1 – 9.

Kajata 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 0. =
Mungguh wedarané (wiridané) angka 9 salah sawidjining etungan kang gedé déwé kajata :
a.       Baji kang ana guwa garbaning Ibu 9 sasi.
b.      Petungan dina kang gedé déwé Setu 9.
c.       Pasaran dina kang gedé déwé Paing 9.
Katrangan iki uga kena kang diarani teluning atunggal.
Printjènané angka 1 – 9 kaja ing ngisor iki :
1.      Angka 1 tegesé Urip = langgeng kang ora owah gingsir.
2.      Angka 2 tegesé Anané lanang                  lan wadon.
   Anané ngisor                   lan nduwur
                                                   Anané ala                                         lan betjik
                                                   Anané awan                         lan bengi
                                                   Anané srengéngé      lan rembulan
                                                   Anané raga                           lan sukma

Bab katrangané Angka 3.

a.       Tegesé anané Allah, Mohamad Rasul.
b.      Tegesé anané Betal Mukaram, Betal Makmur, Betal Mukadas.
c.       Tegesé anané Neptuné dina Slasa 3.
d.      Tegesé anané Urip, Rasa, Raga.

Bab katrangané Angka 4.

a.       Tegesé anané Mutmainah, Amarah, Supijah, Aluamah.
b.      Tegesé anané Wetan, Kidul, Kulon, lan Lor.
c.       Tegesé anané Tangan 2, lan sikil 2.
d.      Tegesé anané Neptuné dina Senèn  4.
e.       Tegesé anané Neptuné Pasaran Wagé 4.

Bab katrangané Angka 5.

a.       Tegesé anané Keblat papat kalima Pantjer, kaja kang kasebut ing angka 4 bagèan a.
b.      Tegesé anané Tangan 2, lan sikil 2 = kang tengah gembung.
c.       Tegesé anané Kliwon, Legi, Paing, Pon, Wagé.
d.      Tegesé anané Neptuné dina Akat 5.
e.       Tegesé anané Neptuné Pasaran Legi 5.
f.       Tegesé anané Pantja drija.
g.      Tegesé anané Agama Islam kang 5 wektu.

Bab katrangané Angka 6.

a.       Tegesé anané Mutmainah, Amarah, Supijah, Aluamah, Ajang-ajangan kang 6 urip langgeng.
b.      Tegesé anané Wétan, Kidul, Kulon, Lor, Ngisor, lan Nduwur.
c.       Tegesé anané Neptuné dina Djumuah 6.
Mungguh ganepé katrangan, enem tegesé mung kari Nemu, jaiku, anané ajang-ajangan, tur iki uga kegolong ja sedulur déwé, nanging sok ora diakoni, amarga anané ajang-ajangan sawisé baji lair, sadurungé lair kang duwé ajang-ajangan mung bijungé. Mulané bandjur anané angka 6 tegesé mung kari nemu.

Bab katrangané Angka 7.

a.       Tegesé anané :  Wulu, kulit, daging, balung, sungsum, otot, getih, utawa kang diarani Bumi sap Pitu.
b.      Tegesé anané   :    Neptuné dina Rebo 7.
c.       Tegesé anané   :    Neptuné Pasaran Pon 7.
d.      Tegesé anané   :    Akat, Senèn, Slasa, Rebo, Kemis, Djumuah, Septu.
e.       Tegesé anané   :    Kuping 2, Mripat 2, Bolongan irung 2 lan lesan (tjangkem) 1.

Bab katrangané Angka 8.

a.       Tegesé anané   :    Neptuné dina Kemis 8.
b.      Tegesé anané   :    Neptuné Pasaran Kliwon 8.
c.       Tegesé anané   :    Windu 8.
d.      Tegesé anané   :    Wali wolu.

Bab katrangané Angka 9.

a.       Tegesé anané   :    Wali wolu, sanga tinari/tinutup.
b.      Tegesé anané   :    Babahan nawa Sanga                                                                        Teluning
c.       Tegesé anané   :    Neptu dina Septu 9                                                                           atunggal
d.      Tegesé anané   :    Neptuné Pasaran Paing 9

Bab katrangané Angka 0.

a.       Nul (0) tegesé barang kang kosong, utawa isih awung-uwung bisané dadi angka 10 = sawisé ing ngarep ditambahi angka 1 iki wis mènéhi pasemon marang Manungsa, raga iku bisané obah mosik amarga kanggonan urip, ora béda karo angka 1 + 0 + (das) ora duwé adji jèn ora diwènéhi angka 1 = bandjur djeneng Sepuluh (10).
Anané angka 10 iki mratandani paring sasmita marang kita jaiku kumpuling kawula lan Gusti. Ja kang diarani Silih sinilihan, utawa kang diarani Samat sinamatan. Tegesé : Gusti (urip jèn ora nganggo) njilih Raga bisa mobah mosik, kasampar kesandung prasasat tanpa adji, samono uga si Raga jèn wis diontjati déning urip, digolingaké, dibungkus lawon, di dusi di talèni, ja wis ora mobah mosik tanpa adji. Mangkéné jèn sedulur kang bisa nitèni.
Bab katrangané angka 11.

a.       Tegesé anané angka 11 : paring pasemon marang kita nalika Bapa lan bijung dadi mantèn wetu didjèdjèraké/ditemokaké.

Bab katrangané angka 12.

Tegesé paring sasmita marang kita, angka 1 : tegesé urip angka 2 tegesé lanang lan wadon ja bapa lan bijung, dadi terangé Urip 1 kanggo wong 2 = utawa wong-wong uripé mung 1 = ora ana bèdané, katulis angka 12 (Ronglas) teges urip ngerong ana ing Bapa lan bijung. Donja iki isiné mung Ronglas (Rong idji).
a.       Bapa lan Bijung.
b.      Ala lan Betjik.
c.       Awan lan Bengi.
d.      Ngisor lan nDuwur.
e.       Srengéngé lan Bulan.
f.       Raga lan Djiwa.

Bab katrangané angka 13.

Tegesé urip iku nguripi telung prakara.

a.       Nguripi manungsa.
b.      Nguripi bangsané kéwan.
c.       Nguripi bangsané Wit-witan lan saisining Djagad.

Bab katrangané angka 14.

Tegesé urip iku nguripi patang prakara :
a.             Nguripi Banju.
b.            Nguripi Geni/Srengéngé.
c.             Nguripi Angin.
d.            Nguripi Lemah.

Bab katrangané angka 15.

Tegesé urip iku nguripi limang prakara :
a.       Nguripi Kuping 2.
b.      Nguripi Mripat.
c.       Nguripi Bolongan Irung 2.
d.      Nguripi Lèsan(Lambé) 2.
e.       Nguripi Ilat.

Bab katrangané angka 16.

Urip iku tegesé nguripi nem prakara.
a.       Nguripi Mutmainah.
b.      Nguripi Amarah.
c.       Nguripi Supijah.
d.      Nguripi Aluamah.
e.       Nguripi Ajang-ajangan.
f.       Nguripi Wudjut gleger.

Bab katrangané angka 17.

Urip iku tegesé Nguripi pitung prakara.
a.       Nguripi Wulu.
b.      Nguripi Kulit.
c.       Nguripi Daging.
d.      Nguripi Balung.
e.       Nguripi Sungsum.
f.       Nguripi Getih.
g.      Nguripi Otot.

Bab katrangané angka 18.

Urip iku tegesé nguripi 8 prakara.
Jaiku nguripi Wali Wolu, Kedjaba Nguripi Ragané uga Nguripi kaluhurané, utawa urip asmané nganti isih ganda arum tekan sapréné, amarga saking Sutjiné lan temené, ja iki kang diarani urip kang utama, sanadjan wis bali menjang djaman kalanggengan, djenengé isih langgeng, nganti sapréné isih bisa blèbèri marang wong pirang-pirang juta, kang pada sudjut, kang pada sungkem, pada njuwun berkah, lan sapanunggalané. Kaja mangkéné tjontoné jèn pada bisa ngemong urip kang sedjati, ja kang diarani sedjatining kasutjian, kang ora gampang katur marang dajaning lair, kang ora ngadji pumpung ing kamurkan.

Bab katrangané angka 19.

Urip iki nguripi sangang prakara, jaiku kang nguripi babahan nawa sanga.
a.       Nguripi Kuping 2.
b.      Nguripi Mripat 2.
c.       Nguripi Irung 2.
d.      Nguripi Lesan 1.
e.       Nguripi Dubur 1.
f.       Nguripi Wadi 1.
Kadjaba saka Nguripi kang kasebut ing nduwur, uga Nguripi anané Wali Wolu sanga tinari. Mungguh katrangané pada karo ing angka 18 mau.
a.       Kang diarani uriping Kuping jèn isih krungu.
b.      Kang diarani uriping Mripat jèn isih bisa ndeleng.
c.       Kang diarani uriping Irung jèn isih ngambu.
d.      Kang diarani uriping Lèsan jèn isih bisa guneman.
e.       Kang diarani uriping Dubur (silit) jèn isih bisa bebuang.
f.       Kang diarani uriping Wadi jèn isih bisa ngujuh.

Bab katrangané angka 20 = ja Sipat Rongpuluh kang diarani.

Rongpuluh : tegesé urip iku ngerongé marang bapa lan bijung (lanang wadon) wong loro kanggo ngerong (kanggo manggon urip sidji) lan kabasakaké loroning atunggal, (ja loro dadi sidji, lan jèn sidji dadi loro). Kaja-kaja wis terang olehku nerangaké anané Sipat Rongpuluh saka Aksara Djawa, kang dumunung ana ing djasating Manungsa/kang diwengku manungsa.
Mula saka iku djedjering Manungsa kena diarani Sastra Djèndra Juningrat. Tegesé Tulising Gusti kang tjeta (kang terang) dumunung ana ing wudjuding Manungsa Lanang lan Wadon. Mula adja was sumelang manèh Manungsa kang utama, supaja bisa nggajuh kaluhuraning Budi (Rahajuning wiwitan lan pungkasan) sanadjan manungsa iku diwenangaké duwé karep, menjang keahiran (tegesé nggajuh redjaning donja lan banda) kudu sing manut marang krenteging ati kang resik. Bisoa ngemong urip kang Sutji mau, lan supaja bisa sampurna lair lan batiné, jèn wis mangkono bandjur bisa ajem lan tentrem. Katentreman mung dumunung ana ing Rasa, jaiku Rasa kang resik (Rasa kang Sutji) déné Rasa kang kotor ora bisa nggawé tentrem. Rasa tentrem tegesé Rasa kang semèlèh. Rasa kang ora gawé kesruh ing kelairan. Bab dunungé tentrem (manggoné) ora pilih-pilih Manungsa. Apa ija sing wis duwé omah gedé lan duwé montor, rasané wis tentrem ? Apa ja wong sing gawéné mung ngarit omahé tjilik tur ora apik, rasané ora tentrem ? O ! durung karuan. Dak tjekak saméné disik bakal dak terusaké ing mburi. Bab sipat rongpuluh kang dumunung ana ing manungsa. Sedjatiné sipat mau ora mung rongpuluh  nanging malah pirang-pirang puluh. Nanging patokan saka sipat 20.
a.       Ha, Na, Tja, Ra, Ka, - Nga, -     dumunung ana ing Manungsa.
b.      Anané dina                     7                                                          dumunung ana ing Manungsa.
c.       Pasaran                                                                                       dumunung ana ing Manungsa.
d.      Djam                                                                                                      dumunung ana ing Manungsa.
e.       Wuku                                                                                                     dumunung ana ing Manungsa.
Lan lija-lijané, mulané Manungsa iku uga dadi utusané Kang Maha Kuwasa. Nanging panampané adja nganti salah paham. Kang diarani utusan iku, kuwasané ora bisa ngluwihi karo sing ngutus, tegesé mung diwenangaké nggaduh (nguwasani) nanging ora Maha Kuwasa. Kang diarani Maha Kuwasa tegesé ora ono kang ngluwihi. Mungguh kuwasané manungsa bisa gawé wudjud kang pada karo gambaré Manungsa, nanging ora bisa gawé urip, bisa gawé mobil bandjur bisa mlaku, wong akèh olèhé ngarani ja urip, nanging dudu sedjatining urip, nanging bisané urip mung saka dajaning bensin (lenga), lan lija-lijané manèh kang ora perlu dak emot ana ing kéné. Sigeg.

Bab urip kang langgeng.

Ing kitab Alqur’an pambukaning wulangan mesti ana tulisané kang wiwitan A.I.U. mungguh tegesé. Aksara telu iku mangkéné :
A.    tegesé Aku.
I.       tegesé Iki.
U.    tegesé Urip.
Mungguh kumpuling aksara telu mau bisa muni mangkéné. Aku iki urip. Jèn para maos bisa menggalih sing temenan bab tembung sing telung bab mung tjekakan mau, tegesé bisa ngebaki ing sadjagat tanpa pilihan. Kang bisa muni (guneman) Aku Iki Urip iku, ora ana manèh kedjaba mung Manungsa. Déné urip ana ing Manungsa iku, urip kang sedjati, urip kang sampurna, urip kang dadi tungguling kahanan. Urip kang nguwasani isining alam donja, kang dititahaké déning Gusti kang Maha Kuwasa, ja Gusti Allah, ja Gusti kang Agung. Mungguh keagungané wis ora ana kang madani, kaja anané tembung “Kun” tegesé ngandika sepisan dadi, Pangandikané Gusti ora kaping pindo/kaping telu. Mengkono jèn para maos kersa nitèni.

Manungsa iku minongka wadahing urip kang Sutji, sawisé ana ing Manungsa, kresaning kang Maha Sutji, mestiné Manungsa supaya nindakaké sekabèhing laku kang Sutji, tingkah laku  kang djujur, tembung kang betjik-betjik, lan sapanunggalané. Ing wasana bareng Urip wis dumunung ana ing Manungsa, urip kang Sutji bandjur diombang-ambingaké ing Manungsa tegesé ing Wadah, déné wadah iku sedjatiné ana rong rupa kajata :
a.       Ana wadah kang apik.
b.      Ana wadah kang ala.
Wadah kang apik diwengku déning rasa kang resik (sutji).
Wadah kang ala diwengku déning rasa kang ala.
Mungguh tegesé Rasa Sutji, kang anuwuhaké, tingkah laku lan tembung-tembung kang sarwa betjik-betjik. Kosok baliné rasa kang ala, kang bisa nuwuhaké tingkah laku, lan tembung-tembung kang ora pantes, kang tansah agawé tatuning rasaning lijan. Rasa iku wudjudé Abang jaiku Getih kang dumunung ana ing Daginging Manungsa. Kang bisa nganakaké kanepson Ala lan Betjik mau dak upamakaké mangkéné.
Sanadjan sing diwadahi mau wédang susu, nanging wadahé batok, tur wadahé ditutupi, si wédang susu mau ja ilang regané ora duwé adji. Kosok baliné, sanadjan wédang kopi lumrah, nanging jèn wadahé tjangkir sing bagus, isiné mau katut karo wadah. Mula sabisa-bisa kang kudu dilakoni bisaha dadi utusan kang utama, isiné sutji lan wadahé bagus, iki kang diarani loroning atunggal temenan, djalaran djaba lan djeroné pada, lair lan batiné pada, kang diarani Djodo. Ora ana bèdané karo wong djodohan laki rabi, jèn djodo tenan nganti dadi kakèn-kakèn  ninèn-ninèn. Semono uga wong kang bisa mengku urip sutji, bisa wengku-winengku, bisa emong kinemong, nganti tumekèng lampus. Djiwa lan lan ragané bisa oleh anugerahing Gusti Kang Maha Agung, kaja tjontoné para Sunan lan sapanunggalané kang kagolong Aulijak. Mangkéné sabandjuré, para maos kudu sing awas lan kudu sing éling.
a.       Kudu awas tegesé, kudu awas karo tindak sing betjik-betjik.
b.      Kudu éling tegesé éling awas tembung sing betjik-betjik.
c.       Tembung Wali tegesé tingkah laku kang apik adja diuwali, adja nganti uwal saka rasa kang sutji resik. Sanadjan si pengarang, uga isih nudju marang katentreman kang bakal andjog ing kaluhuran lair lan batin kang bakal teka, rumangsa durung tjukup, amarga isih kagoda déning lair, nanging sanadjan kegoda ora mbebejani tumrap ing kahanan rasa kang ala , mung nari manut ing kodrat, nanging ja ora pisah saka ichtijar kang betjik-betjik, mungguh pedjangkané si pengarang kurang kang dikarepaké kira-kira kari 20% tekaning panggonan. Si pengarang uga isih duwé nepsu. Nanging nepsu kekarepan kang betjik-betjik. Si pengarang uga isih duwé murka nanging murka marang barang kang halal. Si pengarang isih duwé pamrih, nanging pamrih, ja pamrih kang halal, ora gawé rugining lijan. Para maos tembung iki minongka kanggo seselan, dak pasrahaké para maos, kaprijé olèhé manggalih, mongsa bodoha.

Bab printjènané Manungsa.

a.       Gusti Allah = (Urip langgeng).
b.      Rasa                                                                                                                                           teluning atunggal.
c.       Raga (wadah).
Mungguh katrangané mangkéné. Gusti iku lungguhé ana ing rasa (urip iku lungguhé ana ing getih) déné getih iku lungguhe ana ing raga, ja tembung iki kang diarani teluning atunggal, déné kang diarani Loroning atunggal iku mangkéné.

Kang kapisan nalika raga diontjati déning Urip (Gusti). Pesating rasa lan sukma bareng (getih lan urip), dak upamakaké wong kang lagi bojongan, klasa lan bantal karo sing duwé omah, omahé ditinggal glanggang, kari ora diadjak (ora dikon mèlu), semono uga si raga sing wis ora dikanggokaké déning urip, ja ditinggal glanggang ora béda karo wong sing lagi bojongan mau. Ewa semono sing gulawentah uga urip (tegesé ja wong sing isih kadunungan urip). Mula saka iku anané wong kang diarani mati tegesé wis mati rasané, déné ragané bali njang asalé manèh, tegesé asal saka lemah bali njang lemah manèh, nanging lemah iku ja urip, adja dianggep lemah iku mati, jèn lemah iku mati rak ora bisa nguripaké tanduran, ja mula saka iku ora pisah saka urip manèh.

Loroning atunggal kang kapindo, nalika wong kang lagi turu, wis ora krasa apa-apa, ora krungu, ora ideleng, sing ana mung raga kang isih kepandjingan urip kaja sing dak terangaké ing nduwur, urip iku kang nguripi Panguripan. Tegesé mangkéné, Manungsa iku urip (kadunungan urip) sawisé ana manungsa bandjur pada nandur wiwitan (wit-witan) kang bakal metu hasilé. Kajata nandur pari, djagung, tela, lan lija lijané manèh, bareng wis metu wohé bandjur genti nguripi manungsa. Tembung ing nduwur mau uga diarani telu-teluning atunggal, ubenging kahanan ing ngalam donja tansah ana tembung sing bolak-balik ngéné iki. Nanging uga ana salah sidjining wong, kang kurang mengerti karo anané tembung ing nduwur mau nganti dadi bengkerengan. Pandakwané urip iku ana kang nguripi. Mangka sedjatiné ora mengkono, jèn urip selawasé ora ana kang nguripi nanging urip  kang idjèn. Malah nguripi sekabèhing dumadi.

Déné sekabèhing tanduran kang bakal nguripi manungsa uga ora pisah karo urip, tegesé mangkéné, wit kang ngisor tumantjep ing lemah kang mawa banyu, sing ana saduwuring lemah diuripi (srawungan) karo srengéngé lan angin déné patang prakara iku wis kadunungan urip mula ja bisa nguripi tanduran. Mungguh buktiné tanduran kang ora srawungan déning panasing srengéngé, ora bisa subur, ora bisa lemu, kajata tanduran kang kajoman wit-witan kang gedé-gedé, kang godongé ngrembujung ora bakal lemu lan uga ora metu wohé sanadjan diopènana sing kaja apa waé, sakabèhing tanduran kang bakal dipurik wohé, jèn sing nguripi mau ora ganep patang prakara ja ora bisa betjik hasilé.

Bab urip kang telung prakara.

a.       Uriping manungsa.
b.      Bab uriping kéwan.
c.       Bab uriping wit-witan.

Bab uriping manungsa pérangané mangkéné.

a.       Kanggonan Dading Gusti Allah.
b.      Kanggonan Rasaning Gusti Allah.
c.       Kanggonan Budining Gusti Allah.
d.      Kanggonan Nepsuning Gusti Allah.
e.       Manungsa ja Sipating Allah, Manungsa ja Pasemoning Allah.
Manungsa utusaning Allah. Ananging kang dadi utusaning Allah :
a.       Manungsa kang sutji, lan temen.
b.      Manungsa kang sugih (kang ambeg) Welas asih.
c.       Manungsa kang ambeg Tapa.
d.      Manungsa kang bisa dadi pangajoman, bisa tulung sapada-pada.
e.       Manungsa kang bisa gawé padanging lijan.
f.       Manungsa kang ora sipat mentingaké awaké déwé.
g.      Manungsa kang bisa mulang marang kabetjikan (nuntun kabetjikan).

Bab uriping Kéwan.

Uriping kéwan béda banget karo uriping manungsa, nanging kang béda dudu uripé (dudu wudjuding urip), jèn djeneng urip ora ana bédané ja mung sidji, déné sing béda antarané manungsa lan kéwan mung sipaté lan kekarepané, amarga kéwan ora duwé (kandungan) Dating Gusti, kajata :
a.       Kéwan bisané mung mangan.
b.      Kéwan bisané mung ngising.
c.       Kéwan bisané mung turu.
Wataking kéwan ora ana manèh kadjaba mung telung prakara iki, saka olèhé ora kanggonan Dat lan Budi mau.
Bab uriping Wit-witan.

Uriping wit-witan mung katon wudjut, tandané mati lan uriping wit-witan mau sing ngarani manungsa. Déné manungsa bisané ngarani jèn mati, wit mau katon garing, lan bisané ngarani jèn urip wit mau isih teles. Nanging manungsa diwenangaké nguripi wit-witan, tegesé bisa ngolah (ngrupakara) wit-witan amrih bisané urip.

Bab dajaning Manungsa.

Manungsa diparingi warisan déning Gusti Allah kang Maha Kuwasa kang wis disedijakaké isining ngalam donja kabèh, ora kurang sawidji apa-apa, djangkep ora kekurangan, diparingi purba wasésa, kajata diparingi wasijat Tjarakan Djawa, ja pangandikaning Allah. Ing Tjarakan Djawa kang wiwitan muni mangkéné Ha, Na, tegesé :
a.       Hana sandang ja ana pangan.
b.      Hana ala ja ana betjik.
c.       Hana ngisor ja ana nduwur.
d.      Hana lanang ja ana wadon.
e.       Hana raga ja ana sukma.
f.       Hana awan ja ana bengi.
g.      Hana lair ja ana batin. Hana batin ja ana lair.

Mungguh dajaning manungsa iku kang gedé déwé ana ing batin, djalaran sakabèhing barang apa waé kang katindakaké déning manungsa sadurungé wudjud wis dibatin luwih disik, wis dipikir luwih disik, wis diangen-angen luwih disik. Mula saka iku sing luwih tuwa déwé mung batin. Mangkéné sabandjuré, kabèh kang kedadèjan ing ngalam donja kedjabaning urip saka dajaning manungsa kabeh, kajata :
a.       Segara kang djembaré tanpa wangenan bisa diréka daja déning manungsa kena disabrangi nganggo kapal geni, kapal silem kang ana sajroning banju, kapal gegana kang ana ing awang-awang. Hara kabèh kahanan kang dak terangaké ing nduwur mau, kabèh pirang taun olèhé mbatin nganti bisané kalakon, bisané wudjud. Bareng batin iki wis kabul, bandjur mbatin manèh, ngangen-ngangen manèh bisané munggah menjang bulan arep mbukak lan ngedegaké pabrik ana ing bulan, arep marung ana ing bulan, arep ngedegaké kamar bolah ing bulan. Seméné kareping  manungsa olèhé ngatokaké kebatinané, olèhé arep mudjudaké kebatinané. Pantjèn ing atasé manungsa diudja tenan karo kang Maha Kuwasa. Nanging sanadjan diudja sing kaja apa, ora kena madani Kuwasané Gusti Allah, nanging manungsa ora diwenangaké nguripaké wong  kang wis mati, bab iku mau kabèh mung ana Kuwasané Gusti Allah pijambak.
b.      Dèk djaman bijèn, sadurungé ana tilpun, sadurungé ana radio, uwong Djawa wis duwé tilpun lan radio nanging mung saka batin, nanging kawruh kang semené iki mung pilih-pilih djanma ora angger uwong, terkadang 1000 mung ana wong sidji, terkadang bisa luwih, nanging kepinterané wong Djawa (Indonesia) bandjur diwudjudaké karo wong Eropa, nanging ja pirang taun olèhé mikir, pirang tahun olèhé mbatin. Sanadjan bab iki aku mung krungu sedjarahé Kandjeng Sultan Agung, nanging ing djaman bijèn, Pandjenengané saking luhuré kebatinané sedjarahé (tjritané) saben bangun ésok (sembahjang Subuh) tindak njang Mekah perlu ibadah Subuh, nanging sanadjan aku ora weruh déwé, pertjajaku 100% ora dak kurangi. Kapindo bab sedjarahé R. Ng. Ronggo Warsito Pudjangga ing Surakarta nalika isih Djumenengé Sinuhun kang kaping 9. Salah sawidjining Pudjangga kang misuwur saindenging djagad. Sedané ing taun 1873 sepréné lagi 86 taun. Pandjenengané bisa priksa (bisa ngerti) uniné kutu-kutu walang ataga, bisa ngerti gunemané (tembungané wong sadjagad) sing gumunaké manèh nalika djaman isih sugengé, bisa ngerti surasané lajang kang bakal dikirim menjang Radja saka Negara Landa. Lajang durung budal saka negara Landa wangsulan saka Kandjeng Sinuhun wis dikirimaké luwih disik, saka Tanah  Djawa menjang negara Landa, ing wusana gawé gègèring para pudjangga sadonja. Bab iki aku ngaturaké sedjarah kang tjekak minangka kanggo tulada. Mula saka iku, kita bangsa Djawa ing dinané iki jèn gelem nggunakaké kebatinan, sanadjan ora 100% kaja kang dak aturaké ing nduwur, kaja-kaja mesti bisa kaleksanan. Mung sanguné kang abot banget kaja ing ngisor iki :
a.       Kudu mantep.
b.      Kudu kendel.
c.       Kudu bandel.
d.      Bandjur eling, ening mesti ana.
Kabèh kang dak aturaké iki mung gumantung ana ing rasa.
a.       Rasané mantep apa ora.
b.      Rasané kendel apa ora.
c.       Rasané bandel apa ora.
Djalaran sakabèhing kekarepan mau mung dumunung ana tekat.

Dajaning bangsa kita ing tanah Djawa (Sinatria ing tanah Djawa) wiwit ing djaman bijèn, kang misuwur ing saindenging djagad mung kasektèné, jèn bangsa sabrang kang misuwur mung radja branané (kasugihané).

Sanadjan tjarita ing kuwajangan pisan, jèn ing negara Ngamarta iku kang disungkani wong sabrang ja mung kasektèné. Sanadjan tjritané Ki dalang jèn pinudju djedjer ing Ngamarta, ora tau njritakaké Ngamarta, ora sugih banda abandu kaja ing negara sabrang.

Mungguh jèn kagatukaké ananging djaman kang merdika iki, kadjaba kita nggula wentah ing kelahiran, kiraku sanadjan dibarengi dening batin kaja-kaja ja ora bakal ana larangané, jèn tudjuan batin mau kanggo ngluhuraké negara lan bangsa, kedjaba jèn arep kanggo ngrusak negara waton kanggo nglabuhi lan ndjaga katentremaning negara sakabèhing tékad kang sutji ora bakal ana rintangan, lan adja sumelang lair lan batin kudu djudjur, adja bèntjèng tjèwèng, adja ndjaba putih ndjero kuning, wis mesti bakal kabul kang dadi sedjané.

Bab ananing Rasaning Manungsa.

Ing ngarep wis dak aturaké jèn Manungsa iku kadunungan rasa, déné rasa iku rupané abang, jaiku kang arupa getih, rasa mau kang ngratani awak sekodjur. Déné rasa mau ana 3 prakara. Rasa kang ana ing djero, lan ana rasa kang bagèaning ndjaba. Awak sakodjor mau uga ana kang ora dirambati (di ilèni) ing rasa (getih) kabèh kang dirambati dèning rasa, ditjakot lemut waé  ja krasa lara, apa manèh tatu kena gaman lan lija-lijané luwih lara manèh. Badan sakodjur kang ora di ileni Rasa (getih) jaiku luwihané kuku, sing ora ana getihé jèn diketoki ja ora krasa lara, kaping pindo rambut kang ora  mentjok (gondelan) ing kulit jèn dipotong ja ora krasa lara.

Bab pérangané rasa.

a.             Rasaning urip, jaiku rasa sedjati kang mènèhi rasa sekabèhing rasa (pantjering rasa) kang ora kena ditulis ing kéné, djalaran walaté gedé banget.
b.            Rasaning ilat, gunané kanggo ngrasakaké panganan kang énak lan kang ora énak, kanggo ngrasakaké panganan kang legi, kang gurih, kang asin lan sapanunggalané.
c.             Rasaning kulit (rasaning raga) kanggo ngrasakaké jèn kesandung, tatu gaman, ditjakot klabang lan sapanunggalané. Kang diarani rasa sedjati, jaiku rasa kang langgeng kang ora owah gingsir, ana ing ngendi panggonan panggah, béda karo rasaning ilat lan rasaning kulit. Jèn rasaning ilat upama kakèjan olèhé ngombé, mangan wis ora krasa énak, lagi pileg waé mangan wis ora ngrasakaké énak, dadi rasaning isih bisa owah gingsir, tegesé rasané ilat ora tetep. Semono uga rasaning kulit (awak) prasasat tansah kerep owah (brobah) upamané, lagi kesuwèn lungguh waé, rasané wis ora kepénak, turu ora alih-alihan waé wis krasa pegel, turu kagèt rasané wis béda manèh, mangkéné sabandjuré.

Mula saka iku jèn dirasakaké kang tenan, lan dipikir kang tenan, sekabèhing rasa manungsa bisa ngrasakaké, manungsa diwadjibaké milih, sing dipilih rasa kang lara apa rasa kang kepenak, wis mesti kabèh manungsa milih sing énak,weruh panganan kang énak-énak. Nanging gènèja sok terkadang lan sebagèan gedé ora ngerti karo rasané kang sedjati, kang mènèhi sekabèhing rasa ; mangka sedjatiné ja pada-pada kena dirasakaké. O! Para maos, bab iki pantjèn gawat, lamun ora gawata rak ora susah digurokaké, ora susah nganggo digolèki, jèn saben sok wonga pada ngerti, rak ja ora ana sing djeneng kapir. Nanging para maos, adja nganti klèru ing semu, adja nganti salah paham. Kang dak karepaké dudu kapiring wong kang ora sunat, tegesé kapir, déné kok nganti kapiran ora ngerti njang rasaning urip, ja kang diarani lungguhing urip, ja kang diarani pantjering rasa, ja rasa kang mulja, ja rasa kang langgeng kaja dak aturaké ing nduwur mau.

Manungsa kang sampurna kawruhé, tegesé kawruh kebatinan kang sedjati, kawruh kebatinan kang tenan putus ing samubarang rèh kebatinan perlu dak balèni manèh bab R. Ng. Ronggowarsita, bakal séda kurang pitung dina bandjur ngarang buku Kalatida, mula saka iku manungsa wis tjukup ngerti ing ugering urip ja ngerti uga menjang sangkan paraning dumadi, mula wong urip kudu dipada prajitna marang uripé, tegesé ja uriping kelahiran kanggo teteping tata pradja, kanggo njukupi sandang pangan, netepi ganeping urip bebrajan ana ing alam donja, tegesé wis samestiné ichtiar kanggo lair, samono uga kanggo kebatinan kang bakal kena diturunaké ing wiwitan nganti tekan pungkasan (awal lan achir) jèn wis titi mangsané katimbalan ing Gusti, utawa bali menjang djaman kelanggengan, lan jèn tekan ing djaman kijamat kobra, tegeseé kijamaté awaké déwé. Jèn si anak putu ditinggali omah lan radja brana wa, durung mesti jèn bakal duwé gonda arum, utawa kang umum pada ngarani gampangé munggah suwarga. Kang mangka jèn ana suwarga ja ana neraka, djer iki wis gandèngané. Mangkono jèn para maos kersa nitèni.

Bab gaibing Gusti.

Kang diarani tembung gaib iku tegesé, sawidjining barang kang samar. Barang kang samar iku tegesé sawidjining barang kang ora kena digrajang déning tangan, kang ora kena dideleng nganggo mripat, kang diarani tjedak tanpa senggolan lan adoh tanpa wangenan, gedéné samritja binubut. Déné sipaté Gusti Allah kaja kang kasebut ing ngisor iki.
a.       Gusti Allah iku ora lanang ora wadon.
b.      Gusti Allah iku ora djaman lan ora makam.
c.       Gusti Allah iku ora arah lan ora papan.
d.      Gusti Allah iku ora konta lan ora kanti.
e.       Gusti Allah iku ora rupa lan ora warna.
f.       Gusti Allah iku ora peputra lan ora mutrakaké
g.      Gusti Allah iku ora dahar lan ora saré.
Jèn para maos kersa nggalih tembung-tembung kang kasebut ing nduwur iku, nanging adja nganti salah paham ing panampa (olèhé nampani), mungguh sakabèhing tembung mau, sanadjan tembung apa waé mesti ana kosok baliné, tegesé tembung mau upama ana tembung ngisor ja ana tembung nduwur. Dadi jèn ana tembung ora ja mesti ana tembung ana. Apa ora ngono ? Jèn mangkono sipaté Gusti Allah iku terangé mangkéné :
a.       Gusti Allah iku tegesé ja lanang ja wadon.
b.      Gusti Allah iku tegesé ja djaman ja makam.
c.       Gusti Allah iku tegesé ja arah ja papan.
d.      Gusti Allah iku tegesé ja konta ja kanti.
e.       Gusti Allah iku tegesé ja rupa ja warna.
f.       Gusti Allah iku tegesé ja peputra ja mutrakaké.
g.      Gusti Allah iku tegesé ja dahar ja saré.
Ing ngarep wis dak terangaké sepisan bab manungsa iku Sipating Allah. Ja pasemoning Allah, kang kapindo ana ing pasemoné sasmitané angka 1 + 0 = kang ateges silih sinilihan.
Isi + wadah, tegesé kaja ing ngisor iki.
a.       Gusti Allah iku jèn mriksani nganggo mripaté manungsa.
b.      Gusti Allah iku jèn mirengaké nganggo kupingé manungsa.
c.       Gusti Allah iku jèn ngambu nganggo irungé manungsa.
d.      Gusti Allah iku jèn dahar nganggo lesané manungsa.
e.       Gusti Allah iku jèn ngandika nganggo lesané manungsa.
f.       Gusti Allah iku jèn tindak nganggo sikilé manungsa.

Sekabèhing tindak lakuné Gusti Allah kang betjik-betjik ngagem (njilih) awaké manungsa, amarga manungsa iku ja uripé Gusti Allah, kang diarani Gusti Allah iku ja urip. Mulané bareng wis Gusti Allah djedjer (manggon) ana ing manungsa, kaprijé olèhé arep mbédakaké, sing endi kawulané lan sing endi Gusti amarga wis kasebut loroning atunggal, lan dak upamakaké gula kang wis ditjampur banju, endi banjuné lan endi gulané, mungguh rasaning banju ja wis kumpul karo rasané gula. Bab iki perlu aku ngaturaké njuwun pangapura marang para maos kang klèru tampa (kang salah paham), mula ing ngarep wis dak terangaké Gusti Allah (Urip) iku sing mbutuhaké wadah (panggonan) urip kang tanpa njilih raganing manungsa, urip tanpa manggon ing manungsa ora bakal ana utusan, lan ora bakal ana sastra djendrajuningrat, ja ora ana tjarakan djawa, ja ora ana sipat rongpuluh, ja ora ana lanang lan wadon. Mangkéné ganepé katrangan ndak pasrahaké para maos kaprijé olèhé menggalih bener lan luputé, aku mung sadrema tjaos wawasan marang para sedulur kang kersa ngagem lan sing mbutuhaké ing kebatinan kanggo ngluhuraké ing kelahiran sumrambahé marang katentreman, kang bakal kena kanggo sangu ing donja tumekaning ing achirat, tegesé raté (pengadilané) awake déwé wektu bebrajan ana ing donja, akèh alané apa akèh betjiké. Mula ing wektu kita isih bagas kewarasan adja ngadji pumpung, malah sawenèh ana sing sok guneman mangkéné, Allah urip sepisan kanggo apa, jèn ora dak tutug-tutugaké olèhku seneng, mbésuk jèn wis mati apa bisa seneng, senengku dak entèk-entèkaké saiki. Karepé sing guneman saka kurang ngertiné tegesé Allah Urip Sepisan, mangka pantjèn bener, jèn Allah iku ora urip ping pindo, nanging Allah (uripé) iku mung sepisan, mulané diarani langgeng (selawasé) mangka karepé sing guneman awaké kang urip sepisan. Déné jèn raga kang wis rusak mung sepisan (raga) kang wis disenengi déning Urip (Allah) mung sepisan.

Bab Gusti Allah ja Djaman ja Makam.

Gusti Allah iku djamané (djagadé) kang gedé kang dumunung ana ing manungsa, amarga manungsa kang dikuwasakaké mengku, kang wis gumelar ing djagad. Makamé Gusti Allah ana ing Alam Suwung, kang diarani Suwung nanging sedjatiné djalaran urip iku jèn ora mbutuhaké panggonan alamé ana sing kesampar kesandung nanging ora pada diweruhi. Sebagèan akèh kang diweruhi mung kelairan tegesé sing sarwa katon. Gaibing Gusti Allah, samaring Gusti Allah kang tjedak tanpa sénggolan, adoh tanpa wangenan, kang anguripi manungsa terkadang ora diweruhi.

Bab Gusti Allah ja arah ja papan.

Gusti Allah iku arahé ja ana Manungsa, Gusti Allah papané ja ana Manungsa. Gusti Allah ja mapan ana djagad kang gumelar.

Gusti Allah ja kanta ja kanti.

Gusti Allah kantané ja ana Manungsa  ja ana djagad kang gumelar.
Gusti Allah kantiné ja ana Manungsa ja ana djagad kang gumelar.

Gusti Allah ja rupa ja warna.

Mangkéné katrangané rupa lan warnané Gusti Allah ing lair, ja ana ing Manungsa, lan saisining djagad kabèh. Mungguh rupa kang gaib ja kang samar, kang dak aturaké ing nduwur, kang tjedak tanpa sénggolan adoh tanpa wangenan, ana rupa kang padang terawangan, kang gumantung tanpa tjantèlan, kang manggon ing pribadiné déwé, kang dumunung ing rasané déwé, kang dumunung ana pandelengé déwé, ja kang manggon ing suwung, nanging ana ja ana djaba ja ana ndjero. Bab iki kang kudu diweruhi déning wong sing gelem meruhi, supaja bisa mangerti sangkan paraning dumadi.

Bab Gusti Allah ja peputra ja mutrakaké.

Katrangan, sedjatiné Gusti Allah ja peputra ja mutrakaké ing lair lan batin, ing gaib lan kang ora gaib, Gusti Allah ja dahar ja saré, bab iki ora perlu dak djèrèng amarga ing nduwur wis tjukup terang.
Ing ngisor iki ngaturaké tembang dandang gula minangka kanggo ganeping ulur-ulur, supaja antuk wawasan saka lija tembung.

Kawruhana dunungé wong urip, lamun mbèndjang amanggih palastra, wong mati njang ndi parané ; upama peksi mabur, mlesat saking kurungan nèki, upama wong sesandjan ing béndjang mesti mantuk ; poma dipun kawruhana lamun sira ing tembé tumekèng pati, djaléna sangkan paran.
Kaja mangkono udjaré wong tuwa djaman bijèn bakal dak terangaké sawidji-widji kaja ing ngisor iki.

a.       Kawruhana dunungé wong urip.

Kabèh wong pada ngakoni jèn urip, nanging akèh kang ora ngerti dunungé urip. Nanging lamun ngertija diarani kupur, déné jèn ora ngerti diarani kapir. Kupur tegesé sampurna, lan kapir tegesé kapiran, nanging ora kapiran olèhé golèk sandang pangan, mung kapiran ora ngerti karo sing nguripi, tegesé ora gelem wawuh karo sing gawé urip. Mangka sing nguripi (Gusti Allah) trésna banget marang kawulané, ja Berbudi Bawa Leksana, ja Murah, ja Asih, ja Adil, ja Sutji, mulané Maha Kuwasa hara ! Ana ing ngendi dunung urip ? Golèkana ing rasamu déwé.

Lamun bendjang manggih palastra.

Jèn besuk tekaning djandji (jèn bali menjang djaman klanggengan) upama ora weruh saiki, apa weruh bésuk ? Dimokalaké banget wong isih urip ora weruh, kok jèn mati bakal weruh ? Sedeng awaké dirubung wong akèh wis ora weruh djawané, didusi, dibuntel, dipikul, dipendem, wis ora weruh. Ja apa ora rasakna déwé.

Wong mati menjang endi parané.

La ! tembung iki sing mandes banget, tembung iki sing gawat banget. Katrangan ing ngarep kaja-kaja ja wis dak terangaké jèn wong mati iku sing mati ragané, déné ragané sarèhning asal saka lemah, ja bali menjang lemah (kuburan). Raga iku sedulur kang nomer 4 : tunggalé 1. Mutmainah, 2. Amarah, 3. Supijah lan sing nguripi Gusti Allah parané menjang ngendi ? Golèkana menjang Panaraga delengen karo rasamu déwé.

Upama peksi mabur mlesat saking kurungané.

Manungsa diupamakaké manuk kang miber, utjul saka kurungan. Katrangané mangkéné, sing dak terangaké iki kabèh kasunjatan, para maos ora sumelang manèh, sing ora wani nerangaké mung bab gaib, ing ngarep wis dak aturaké jèn malati, manuk iku asalé saka kaju, lan manuké manuk apa, sing disenengi manuk iku kaju apa, upamané manuk perkutut. Manuk perkutut kang wis-wis sing disenengi kaju nangka, kaju pelem lan lijané. Tegesé sarèhning manuk iku asalé saka kaju ja bali menjang kaju, tegesé sanadjan kéwan, ja ngerti asalé, asal saka kaju (wit-witan) ja bali menjang wit-witan ora bakal bali menjang gerdu, mangkéné sabandjuré. Kaja sédjéné manuk kang dak kandakaké iki, jaiku manuk blekok (kuntul) jèn wis kulina turu ana ing wit asem, utawa kaju lijané kang gedé-gedé, ana ing desa A jèn wajah ésuk olèhé golèk panggonan menjang désa B ing wusana bareng ing wajah soré ja bali menjang désa A mau, lan turuné uga ora gelem ngalih saka kaju kang dituroni saben dinané mau.
Lo ! mengkéné sedulur jèn kersa nitèni, ing  ngatasé sato kéwan ngerti marang sangkan parané, kaja manuk kang dak aturaké mau, mangka désa B iku djaraké kira-kira ana limang kilometer (5 Km) kok perlu temen bali menjang désa A, apa ing kono ora ana kaju kang gedé ? Mestiné ja ana ! Nanging dèwèké ngrumangsani jèn duwé omah ana ing désa B, lan uga ora asal saka désa B. Adja aku kang djeneng manungsa, jèn nganti ora ngertija menjang sangkan parané manungsa, ja kegolong nggumunaké. Malah djeneng kapir.
Upama wong sandja, ing bendjing mesti mantuk.
Manungsa ing ngalam donja iki, dianggep wong sandja, jèn wis wareg olèhé sandja, ja bakal mantuk. Ora béda karo manuk mau, jèn wong kang sandja mau omahé ing désa C, apa ija bakal bali menjang désa  D ? Kiraku ja ora ! Jèn nganti bali menjang désa lija rak klèru. Mula saka iku wong urip kang kudu disumurupi, bésuk baliné menjang djaman klanggengan, jèn bisa adja nganti kliru (adja nganti kesasar). Mangkéné para maos kahanané wong urip.

Bab wong bali menjang djaman klanggengan.

Panuwunku marang para maos, jèn wis maos buku mung kari ngudi marang gaib, jaiku barang samar. Sigeg.
Satemené mangkéné, manungsa kang wis putus kawruhé, wis ora kesamaran kang bakal patiné, amarga wis pada kanggonan lan wis pada ngawuningani sangkan paran. Apa ta sebabé wong mati iku kok mung dislameti kang entèk-entèkan mung 1000 dina ? Kok ora bandjur 1100 – 1500 dina ? Amarga mangkéné sedjatiné, kang diarani wong kang sampurna kawruhé, ja iku batin lair wis mengku kahanan Djati, ja wis ngerti menjang sangkan paraning awal lan achir, bakal baliné menjang djaman wiwitan, kurang 1000 dina wis ngerti. Mungguh katrangané kaja kasebut ing ngisor iki.

1.      Tengeran kang kurang 1000 dina.

Wong kang bakal ditekakaké ing dina wekasan (ngadjal) utawa tinggal donja, jèn kurang 1000 dina (3 tahun kurang). Kerep ngimpi gawé omah tegesé tembung kerep terkadang seminggu sepisan, terkadang ja 10 dina sepisan. Bandjur omah mau ja dienggoni, déné omah mau mesti tjotjok karo lairé, tegesé jèn wong lairé ala, kang murang sarak lan wataké rusuh, gawéhané omah (olèhé ngimpi gawé) omahé ja ala, manut marang kelakuané wongé. Ngimpi kaja mangkéné iki lawasé nganti setaun.

2.      Tengerané wong mati kurang 2 taun.

Wong kang bakal mati kurang 2 taun utawa kang diarani pendak pindo, ketarané tansah kangen karo sanak sedulur kang wis ngadjal kang rumangsa ditrisnani, mèh saben-saben bandjur lungguhan ngemu susah, amarga kangen karo sing wis mati, bab kaja ngéné iki ja ora saben dina, terkadang jèn pinudju lali ja ora ngono, jèn pinudju kèlingan ja bandjur tenger-tenger manèh sadjak ketara susah, mangkéné sabandjuré bab tengeran sing kaja ngéné iki suwéné nganti setaun. Adja nganti kesupèn karo tengeran-tengeran kang wis dak wedaraké iki, poma-poma sing nganti éling tenan.

3.      Tengeran wong arep mati kurang setaun.

Wong kang bakal mati kurang setahun, tanda-tandané ndeleng kahanan wis ora adjeg, tegesé, ndeleng barang kang warna putih terkadang sagebjaran katon abang, katon ireng, katon kuning lan sapanunggalané.
Nanging ja ora suwé mung watara ½ - 1 menit. Mangkéné sabandjuré tengeran kang mangkéné suwéné nganti 6 sasi, bab kang kaja ngéné iki jèn tumrap wong lija, sing wis tau ndak seksèni, djer ja sadulur déwé, malah sok alok déwé = malah sok alok mangkéné. Ora aku iki jèn ndeleng barang-barang kok sok molah-malih ngéné. Malah ana sing nganggep wetengé kotor. Merga saka kurang ngertiné mau. Sing pratitis karo tanda-tanda kang dak aturaké iki, adja nganti kasupèn sing awas sing éling.

4.      Tengeran wong ngadjal kurang 9 sasi.

Menawa wong ngadjal kurang sangang sasi tengerané, kekarepan sarwa keimba (gela) tegesé samubarang kang ditindakaké mung tansah gela, adja manèh kok njambut gawé, la wong mangan waé ja anduwèni rasa keimba (gela) djalaran jèn kurang 9 sasi, kurangé getih ± wis ana 3 liter, dadi ilining getih wis ora rata, tjekaké wis ngurangi sekabehé, ngurangi kekuwatan, kekarepan lan lija-lijané.

5.      Tengerané wong mati kang kurang 6 sasi.

Tengeran wong mati kang kurang 6 sasi iki kang ora slametané. Mungguh kang dadi tandané, sikilé tansah krasa ngetok utawa linu, kekarepan apa waé wis tansah kemba (gela) karemané mung seneng turu kaja déné wong wadon kang lagi meteng, isih ésuk-ésuk wis krasa ngantuk, menjang penggawéjan wis tansah males, tangi turu kepénginané, mangan panganan kang pedes-pedes, bubar mangan ja wis ngantuk manèh, mangkéné, kang mangkéné suwéné nganti telung sasi, utawa terkadang sok dibarengi wis lara. Kaja wong kang ketabrak mobil lan sapanunggalané ja wis krasa  ngétok, nanging sarèhning pantjèn saka ora ngertiné, mung dianggep dudu apa-apa, terkadang sanadjan ana ing penggawéjan, wektu njambut gawé tansah klakepan waé, amarga wis krasa ngantuk.

6.      Tengeran wong arep mati kurang 3 sasi.

Tanda-tandané wong kang arep ngadjal kurang 3 sasi sanadjan wis lara apa durung, tansah utawa saben dina krungu suwara. Déné suwara mau ana warno loro. Kang kapisan suwarané kahanan, tegesé : krungu suwaraning montor, krungu suwarané asu ndjenggong, krungu suwarané kang pating grubug, lan lija-lijané. Déné suwara-suwara kang dak terangaké iku dudu suwara kang semestiné, suwara kang samestiné jaiku krungu suwarané botjah nangis, amarga kudu ana tanda kang mangkéné iki, tanda kang sabeneré, tanda kang mesti bali menjang asalé. Sarèhning asal-asalé saka baji, dadi tanda-tanda kang asal ja baji, mulané krungu baji nangis. Déné kedadéjan-kedadéjan kang mangkéné iki wongé, sanadjan durung lara, utawa wis laraha pisan, wis dadi kodrat, wis ora kena disrengati manèh, mung kari ngentèni katetepan saka Kang Maha Kuwasa. Nanging sanadjan tumrap kanggo wong sédjé (wong lija) kang ora duwé buku iki, adja diterangaké supaja adja nganti gawé tjilik atiné kang waras, malah diwènèhi tembung kang maremaké marang kang ngopèni. Ananging marang  wong kang ana tanda kurang 3 sasi mau, jèn durung lara awaké wis mèh pulih, tenagané kaja wong ora bakal ana apa-apa. Tengeran kang mangkéné iki para maos kudu sing awas lan éling adja nganti kesupèn. Poma diwaspadakna.

7.      Tengeran  wong kang arep ngadjal kurang 40 dina.

Bab tanda-tanda kang kurang 40 dina iki, wongé wis lara apa durung, sanadjan durung lara bab tanda, uga ira bakal pisah. Mungguh tandané mangkéné, ajang-ajangan terkadang ora katon, nanging uga ora suwé, suwé-suwéné samenit, bandjur pulih manèh. Jèn ing wajah bengi, deridji tangan ditawangaké ana ing lampu wis ora ketara peteng, amarga si getih kurangé wis akèh banget. Supaja dipenggalih sing tenan. Manungsa iku kekuwatané amarga saka getih.
Supaja kang waspada marang tanda-tanda kang kasebut kabèh.

8.      Tengeran wong kang arep ngadjal kurang 30 dina.

Wong iki wis lara apa durung, jèn durung lara, lagèané nganjar-ngajari, tegesé salah hawané ora kaja adat saben, kajata sing kerep dak njatakaké tansah brahi, nanging dudu brahiné wong meteng, sanadjan ana ing dajohan, apa manèh sing wis ditepungi, ngadjak gujon kang ora kaja adaté, lan lija-lijané, béda banget kaja adat saben. Déné jèn wong mau wis lara pendjalukané sing anèh-anèh lan rupa-rupa, ananging sawisé ora dipangan, mangkéné sabandjuré.
Dipoma kudu sing awas, lan sing éling karo tengeran.
Malah ana sing sok angunandika mangkéné. O lajak sisuta dèk anu kaé réné, kok ndjaluk mangan barang, wong adaté ja ora ngono, malah bandjur gujon luar biasa, E ! dadi arep mati ta. Bab sing kaja mangkéné loro-loroné, isih pada durung ngertiné. Diawas lan éling karo tanda-tanda kang kaja mangkéné, lan kudu sing titèn tenan karo samudanané wong, sédjé, dipriksani apa ija apa ora.

9.      Tengeran kang kaping 8 kurang 7 dina.

Wong kang bakal ngadjal kurang 7 dina, wis ketara putjet, ing praupan wis ketara mringkus. Kuping wis ketara kèplèh, tegesé ketara lemes. Sebab ana kedadéjan sing lara mung 3 dina, wis teka adjalé, uga ana kang dadakan, bab sing kaja mangkéné saking ora ngertiné, nanging terkadang omongané wis tjemlang-tjemlong wis dudu sabahéné déwé.

10.  Tengeran wong ngadjal kurang telung dina.

Bab wong ngadjal kang kurang 3 dina ana tanda kang kena dideleng jaiku, jèn wis ngising kok ora ngujuh wis ora kena di srengati manèh, iki sawidjining tanda kang tjedak déwé. Djalaran sakabèhané wong pada nglakoni. Wong kang arep ngising kang luwih disik ngujuh, jèn ujuh wis metu, bandjur ngetokaké kotoran, tandané jèn wis mampet bandjur ngujuh manèh. Kadjaba saka iku ana kang Gaib, kang ora kena dak terangaké ana ing kéné, amarga gedé banget walaté jèn ora sapatemon loro.

11.  Barang wis kurang sedina kudu pasrah marang Gusti.

Kang Maha Kuwasa, amasrahaké sedulur papat mau = jaiku :
1.      Mutmainah asal saka banju balija menjang banju.
2.      Amarah asal saka geni balija menjang geni.
3.      Supijah asal saka angin balija menjang angin.
4.      Aluamah asal saka lemah balija menjang lemah.
5.      Gusti Allah kang asalé saka langgeng ja bali menjang suwung manggon ing kahanan kang Maha Mulja tetep angratoni kahanan djati ora owah gingsir langgeng ing salawasé.
Mungguh rapalé uga ora dak tulis ing kéné amarga tetep gedé (walaté) Njumanggaké para maos olèhé nampani tjamut-tjamut kawruhku mung seméné. Dén jèn kurang marem supaya olèh tambahan lija-lija, supaja mundut buku : Hidajat Djati, saben toko buku ja mesti ana. Ing ngisor iki aku nambahi katrangan kang tjotjok ing lair. Manungsa iku kekuwatané saka getih, kumpuling angen-angen kang wutuh, amarga getihé ja isih wutuh, tegese durung kalong. Manungsa iku duwé ukuran saka getih, mungguh okèhing getih wong kang gedé awaké ± mung 6 liter. Déné jèn wis bakal surut kurang telung taun, getihé mau dalem sedina wis suda 3 gram, bareng wis kurang 2 taun, getihé wis kalong 360 liter x 3 = 1080 gram (10,80 liter) upama wong mau kang awaké sing duwé getih 6 liter , wis kalong 10,80 liter.
Bareng kurang setaun getihe wis kurang 1080 gram x 2 = 2160 gram, wis kurang 2 liter luwih, saka kéné iki jèn dideleng saka kenjataan mulané bangsa dokter bisa ngarani mesti bisa pas tenan, amarga bisa diukur saka kalongé getih, mangkéné iki sabanjuré. Déné kurang 6 sasi saka adjalé kang dak terangaké ing nduwur mau, mulané tandané ana ing sikil wis (tansah krasa ngetok), amarga mubengé getih (iliné) getih wis ora njukupi ing badan sakodjur (wis ora rata) ora ana bédané upama sawah sebau kang banjuné setitik, wis temtu olèhé ngelep ora bisa wareg, ja ora bisa wareg, ja ora bisa rata.
Mulané jèn wis kurang 6 sasi tansah kemba, tansah males, kudu dojan turu, jèn pinudju getih mau ana ing nduwur (ing sirah) èngetané ja kaja wong isih 100% uripé, déné jèn getih mau gilir menjang sikil, nanging ing sirah kurang getih, angen-angené ja wis brobah, wis kosong, wis ora duwé angen-angen kang ora genep.
Déné jèn kurang 40 dina si keteg kang ana ing tangan (pols) iki lakuné wis ora adjeg, tegesé ora adjeg mangkéné, apa manéh wis ketaman lara, terkadang gèk kerep, terkadang gèk arang, lan terkadang lèrèh, sedéla bandjur ana manéh, mangkéné sabandjuré nganti tekan ing dina wekasan.
Kang diarani wong kang sampurna uripé awal achir.
Ing ngarep wis dak terangaké, jèn arep ngadjal kurang 3 sasi utawa 100 dina, ing kéné wis ana tanda-tanda kang klèru dalané, utawa klèru baliné, jaiku tanda kang kena kanggo patokan pangrungu (kang dirungokaké). Sarehning manungsa iku ing ngarep nalika lair awudjut baji, sing ora bakal ora kesasar ja mesti krungu suwarané baji nangis, kaja duk mauné. Jèn ora krungu suwarané iki wis terang bakal klèru (kesasar) embuh bakal kesasar menjang ngendi, luwih disik kudu digolèki (dititi priksa) dalané. Manungsa iku duwé sedulur papat kajata :

1.      Mutmainah, Banju kang mengku sekabèhing isining banju.
2.      Amarah, Geni kang mengku sekabèhing djim sétan lsp.
3.      Supijah, Angin kang mengku sekabèhing kéwan iber-iberan.
4.      Aluamah, Siti.

Ing kitab Qur’an nerangaké, malah kerep banget kanggo mulangi wong-wong kang kurang mangerti supaja nglakoni kang betjik-betjik, bésuk jèn mati supaja munggah suwarga, tembung kang kaja mengkéné iki lumrah ing kalangané wong-wong kang wis ngerti, apa manèh jèn pinudju musawarah, malah kena diarani masalah sing luwih disik. Malah-malah sok diterangaké mangkéné wong kang arep adjal wis ketekan sakaratul maot (sekarat) ing kono dalan prapatan, adja nganti klèru olehmu milih. Maneka sedjatiné kang diarani dalan prapatan mau, jaiku seduluré déwé kang papat iku, kabèh pada duwé karep anglarapaké supaja adja nganti bali menjang panggonan kang sedjati, ja panggonan kang Maha Mulja. Jèn ta nganti gelem kèlu marang mutmainah, mesti bakal dadi kéwan kang ana sadjroning banju jaiku bangsané iwak. Upama gelem katut karo amarah bakal klèru dadi bangsané djim lsp. Jèn ta nganti katut menjang supijah bakal dadi bangsané kéwan iber-iberan. Kang kaping papat jèn nganti gelem katut menjang aluamah, bakal dadi bangsané kéwan gumremet, kodok, kebo, sapi, lsp. Jèn ta manungsa nganti klèru dalané menjang patang perkara iki kang diarani njemplung neraka. Déné jèn krungu suwarané botjah nangis bali menjang asalé, kang diarani suwarga.

Déné kang diarani suwarga lan neraka iku dunungé ana ing kelakuan nalika djaman isih urip, kelakuané ala apa betjik. Jèn nganti sapatiné kelakuané tetep ala, matiné ja tetep menjang neraka (dadi intiping neraka). Mungguh paseksèné jèn ketjemplung neraka, jaiku ana tembungé wong akèh, kang dumunung ana ing lambéné wong. Tegesé mangkéné. Upamané ing désa A ana salah sawidjiné wong kang gawéné tukang maling, bandjur matiné sarana dipatèni wong akèh dikrojok wektu konangan olèhé maling, lo bab kedadèjan kang kaja mangkéné iki, apa ija dialem betjik karo wong akèh ? Jèn mestiné ja ora malah terkadang ana sing muni mangkéné. Sokur si B kaé ndang mati amarga gawéné mung gawé rusuh désa. Lha, barang kang kaja ngéné iki kang diarani neraka, arep diganti suwarga wis ora bisa, amarga wis pungkasan. Kadadéjan kang kaja mangkéné iki wis selawasé. Kosok baliné kang diarani suwarga jèn nganti tekan patiné kelakuané tansah betjik, ora katjirèn apa-apa déning umum, patiné ja munggah suwarga. Dadi terangé seksiné suwarga lan neraka dumunung ana lambéné wong akèh. Mula jèn kepéngin munggah suwarga nglakanana panggawé kang betjik-betjik, lan jèn kepéngin arep njemplung neraka, terserah karo sing arep nglakoni, amarga patrap sing ala iku tanpa sinau. Nanging saka wawasanku kéné, pada nglakoni, tinimbang nglakoni patrap sing ala mbok aluwung nglakoni kang betjik, mangkéné jèn karsa nitèni. Mula ing ngarep ana katrangan, sedjatiné sing ala iku wadahé nanging dudu isiné (sing ala iku manungsané nanging dudu uripé).

Bab widjiné Suwarga.

Sakabèhing wong urip pada kanggonan kaja ing ngisor iki.
a.  Betjik/kelakuan kang sarwa betjik.
b.  Ala/kelakuan kang sarwa ora pantes disawang ing umum.
c.  Kabèh wong pada duwé djodo. Wong lanang ja karo wadon. Sawisé dadi mantèn, ing kéné panggonané wiwit nandur (deder) suwarga, lanang lan wadon supaja pada bisa mengku kuwadjiban déwé-déwé, tegesé bisa wengku-winengku, perluné kanggo dalané didikan djabang baji kang bakal urip lair. Djalaran ndidik anak iku sedjatiné jèn marang ladjering sinatrija kang utama, jèn isih ana guwa garbané ibu, ora jèn wis ana ndjaba, pendidikan kang ana ndjaba iku luwih gampang amarga bandjur dipasrahaké marang guru.

Kang dak aturaké ing nduwur bab kewadjibané wong lanang lan wadon iku mangkene :

a.       Wong lanang, suwéné ibu nggarbini (garwané) adja laku sérong, tegesé adja nganti duwé tindak djina karo wong wadon sédjé, adja nganti goroh karo kajané, sing gawé seriking garwa, adja sok duwé patrap kang ugal-ugalan lan lija-lijané.
b.      Kosok baliné tumrap ing bijung ja semono uga, lelakon kang kasebut ing nduwur iku supaja pada bisa nglakoni, adja sering nesu kang mung djalaran sepélé, bisa nindakaké prakara kang kasebut ngarep iku kabèh, wis dadi dalané prihatin kang utama, nganti tekan mangsané djabang baji lair. Luwih-luwih prijaji kakung ing wektu garwané nggarbini kersa pasa, tegesé ngurangi dahar lan saré, lan ja pasa sabar, déné bab ngurangi dahar lan saré mau dak pasrahaké marang pribadiné déwé- déwé, nganggo patrap kaprijé dak pasrahaké sing arep nglakoni, nganti tekan djabang baji lair, lan kabèh sing ditindakaké sadjroning djabang baji isih ana ing kandungan supaja ngandung pikiran kang sarwa sutji sarwa betjik, perluné ja kanggo ndidik djabang baji kang isih ana ing kandungan mau, jaiku kabèh widji kang bakal teka ora ketjampuran widji kang ala, lan sing ditabakaké (sing ditandur) ja widji kang apik tenan. Jèn bisa nindakaké samubarang katrangan ing ngarep mau mbésuk jèn djabang baji lair, lan slamet pandjang umur, bakal dadi sinatrija kang utama, jèn wadon bakal dadi putri kang utama uga, déné manggoné suwarga (kang oleh suwarga) teluning atunggal tegesé :
a.       Bapak ja olèh suwarga.
b.      Bijung ja olèh suwarga.
c.       Putra ja olèh suwarga.

Bapa lan bijung bisa njuwargakaké Putra, kosok baliné si putra bakal bisa njuwargakaké bapa lan ibu mangkéné sabandjuré. Mungguh kuwadjibané ibu wektu isih nggarbini mangkéné, kudu nglakoni pasa Senèn Kemis, suwéné sadjroning 7 Senèn lan 7 Kemis, dalan kang mangkéné iki uga sing bakal bisa njuwargakaké putra. Wong sing kersa pasa Senèn-Kemis iku dajané ja gedé banget.
a.       Slira bisa subur, wong tjilik bisa dadi lemu.
b.      Redjeki bisa subur.
c.       Pikiran bisa subur.

Kang diarani redjeki bisa subur, mungguh kenjataané sing wis kerep dak weruhi, upama wong dadi kaum buruh, apa saben wulané tambah bajarané. O ! tegesé ora ngono. Tegesé satiba malangé tansah bisa tjukup, amarga saka dajané saka kurang rintangan, kurang alangan lan lija lijané.

Rak ora kurang para kaum buruh kang bajarané luwih akèh, nanging tansah kurang tjukup, amarga saking akèhing alangan, ana waé kang dadi sebab, sing bab dokter, sing bab dajoh, sing bab ika iki, nganti prasasat kena diarani arang uluné kutjing, kaja mangkéné tjontoné.

Bab sing dak terangaké iki kabèh, sanadjan pada-pada kaum buruh, sing pada akéhé anaké pada bajaré, pada wengkoné, sing saja gelem pada laku kedjawan meksa béda, kahananing uripé bebrajan, tegesé omah-omahé, bab sarèhning barang kang wudjud, barang kang gumelar, tanpa aling-aling, kena dinjatakaké nganggo laku, waton temen-temen mesti bakal tinemu, Gusti Allah bakal nuruti karepé manungsa kanti laku kang temen-temen, mesti ketemu.

Gandèng bab prihatin ja iku bali menjang watak sinatrija ing tanah Djawa, ana uga sing sok ndjawab mangkéné. Ah jèn saiki wis dudu djamané manèh, djaréné. Djawaban kang mangkéné iki, djawabé wong sing isih kisènan watak murka, watak buta, watak wong kulonan, sing ora gelem ngakoni.
Mungguh prihatin kang kapindo, ngurangi bab kasenengan kajata, nonton bioskup, upama semingguné kanggoné wong sing rada sugih duwit ping telu, digawéja sepisan waé, kaja ngéné iki wis kagolong ngurangi, ja klebu golongané prihatin, wektu garwané isih nggarbini. Upama saben nonton ongkosé Rp. 3,- x 3 = wis Rp. 9,- jèn sewulan wis Rp. 36,- nanging jèn bisa ngurangi dalem 7 dina  seminggu sepisan rak mung kèlangan Rp. 3 x 4 = Rp. 12,- jèn bisa  mangkéné ing kenjataan lair dalem 1 wulan wis duwé tjèlèngan Rp. 24,- jèn nganti tekané djabang baji lair, rak wis kagungan Rp. 24,- x 9 = Rp. 216,- mangkéné gambarané wong kang nomer telu, samongsa garwané isih nggarbini, jèn mentas tindakan, tegesé kadjaba jèn saka kantor jèn kaum buruh, jèn wis rawuh apa manèh rawuhé mau nepsu ing wusana kagungan krenteg kasmaran karo garwané, prajogané siram disik kanggo ngilangi sesukeré hawa nepsu mau, perluné widji kang wis bagus adja nganti ketjampuran widji kang ala mangkéné sabandjuré mulané bakal nandur widji kang betjik, mungguh tjara  kedjawan ja mangkéné iki patrapé.

Prihatin kang nomer 4 sasuwéné garwané isih nggarbini, adja sok ngetokaké tembung kang kotor-kotor, tegesé adja sok memisuh, tembang iki uga andjalari widji kang wis ketara bagus, bandjur ketjampuran widji kang ala, saka dajaning pangandikan iku mau, mula saka iku jèn bisa nglakoní, bab tembung pada-pada muniné pada guneman, tinimbang ngetokaké tembung sing ala, mbok aluwung ngetokaké tembung sing betjik-betjik. Kaja aturku kabèh mau, jaiku kang diarani mangkéné. Suwarga neraka kawengku badan sarira pribadi.

Tegesé ja ora béda karo sing disik-disik jèn wektu garwané nggarbini sing temen-temen tenan, mokal ing tembé jèn turuné ora bakal temen, mokal jèn bésuk turuné ora katurunan suwarga, amarga sing nurunaké suwarga ja saka Bapa lan bijung, sing nandur betjik ja bapa lan bijung mulané sing kersa nglakoni marang aturku kabèh, jèn garwané nggarbini sing ati-ati tenan, adja njlèwèng.

a.       Adja madon.
b.      Adja minum.
c.       Adja main.
d.      Adja maling.
e.       Adja madat.
f.       Adja misuh.
g.      Adja dahwèn.
h.      Adja opèn.
i.        Adja djail.
j.        Adja drengki.

Sepuluh bab iki tapané jèn lagi garwané nggarbini, kudu ditindakaké bapa lan bijung, upama bapaké waktu garwané nggarbini mangka gawéné mung demen rojal madon, bésuk jèn lair djabang baji kana dibuktèkaké sanadjan lair lanang utawa wadon ora bakal ninggal widji, ana paribasan katjang mongsa ninggala landjaran, mangkéné jèn kersa menggalih, dak pasrahaké kang kersa nampani, lan mangkéné tjarané jèn arep nandur widji betjik. Mula saka iku jèn ana sing kagungan putra mursal, dugal, utawa kurang adjar mau, supaja diéling-éling kang wektu nandur, nandur widji sing apa, adja maido dadiné widji lan wohé widji.
a.       Sapa wongé kang gelem nandur widji kang betjik, ing tembé, ja bakal ngunduh wohé
kang betjik-betjik ora woh bongkèkan.
b.      Sapa wongé kang pada nandur widji kang ala, ing tembé adja ngarep-arep wohé kang apik. Sigeg.

Bab sasmita-samita kang kudu digatèkaké.

Ing kéné aku arep ngaturaké sasmita (pasemon) tumrap sinatrija ing Tanah Djawa, jaiku sasmita kang kena digugu kanjataané.

1. Bab dahar.

Jèn para maos lagi tengah-tengah ing dahar,kamongka bandjur ana tamu, adja pisan-pisan djumeneng, luwih disik tamu dipinarakné diaturi ngentèni, sokur jèn ana sing makili nemoni, jèn ta nganti djumeneng tur olèhé dahar durung tutug, ing tembé buri wahanané ora betjik. Upama wong sing kagungan pangkat, lija dina apik-apiké dipindah, ja jèn pindahé mau munggah pangkat, rak kebeneran. Nanging jèn dipindah amarga penggawéjané ora betjik, terkadang kang kaja mangkono iku, mung arep dilepas isih arep golèk tambah alasan-alasan iki betjik-betjik. La jèn ana alané, bisa uga arep nandang alangan kang gedé, kudu sing ati-ati menjang sasmita iki jèn kersa ngagem.
Déné jèn kanggo wong dagang betjik-betjiké bakal nandang rugi mau rupa-rupa, rugi saka kèlangan, rugi barang dagangané ora paju, lan lija-lijané, nanging jèn nganti olèh alangan kang gedé apa ora mbebajani, mula kudu sing ati-ati jèn wektu dahar, bandjur ana tamu adja pisan-pisan djumeneng, wahanané ora betjik ing buriné.

Bab sasmitané jèn arep tindakan.

Lamun arep tindakan sing perlu banget, apa manèh arep hubungan kabutuhan, jèn metu saka dalem, apa manèh wis kira-kira nganti 100 m adja pisan-pisan bali, upama ana barang kang kèri, lan barang sing kèri mau ora pati wigati (perlu) sanadjan wigatia pisan, jèn nganti bali luwih betjik lungané ditunda disik, amarga upama diterusna ngalamat ora olèh gawé, apa manèh tumrap wong kang dagang, kedadèjan kaja mangkéné iki gawat banget, apa manèh tindaké nggawa nesu, ana ing ngendi-endi panggonan olèh-olèhané ja ora beda karo sing digawa mau. Déné jèn tindaké mau sing nganti numpak nganti sedina utawa setengah dina, supaja sangu daharan, lan budalé ja kudu dahara disik, ana ing ngendi panggonan uga gampang kang ginajuh, bab sangu mung kari sakersa waton kang djeneng daharan (redjeki) supaja dièstokna.

Tindakan sing wis ana ing ndalan.

Jèn wis ana ing ndalan, tegesé wis rada adoh saka ing omah, mangka bandjur kepetuk :
a.       Wong mati sing wis dibudalaké menjang kuburan.
b.      Kepetuk ula sing lakuné nugel dalan.
c.       Kepetuk kutjing sing lakuné nugel dalan.
Kepetuk telu-teluné iki, ana ing ngendi-endi panggonan, wasanané ja ora betjik, terkadang jèn diterusaké, ora kepetuk karo sing didjudjug, upama nagiha terkadang ja ora olèh duwit, upama arep rembugan barang sing durung matang ja bisa badar, lan lija-lijané. Tegesé jèn wis ketemu kang dak aturaké mau, sing wis bisa ngrugèkaké, tiwas kesel, jèn ana kedadèjan kang kaja mangkéné luwih betjik bali disik, upama olèhé lunga mau, mongka wis numpak sepur 2 djam, apa kudu bali ? Jèn ana kedadèjan mangkéné saraté lèrèn disik, mampir menjang warung, nanging sing wis-wis apa kang disedja ja tetep sial. Djalaran arep bali wong wis adoh arep dikapakaké, kena dinjatakaké sebab iki dudu impèn, jèn impèn isih bingung olèhé ngramal. Ana manèh ana ndalan bandjur kepetuk wong tukaran, iku uga sasmita kang ora betjik.

Bab samita ana ula kang mlebu omah.

Bab sasmita ula kang mlebu ing omah iku ana rong rupa.
a.       Ula kang mandi, apa ula kang ora mandi, lan mlebuné awan apa bengi.
b.      Ula kang mandi tur mlebuné bengi, sing kagungan dalem ngalamat arep oleh alangan.
c.       Ula kang ora mandi, kang kagungan dalem ngalamat arep pindah panggonan.
d.      Jèn sing mlebu mau ula weling sing kagungan dalem kagungan udjar kang durung diluwari, nanging ja bakal oleh alangan. Déné ula-ula mau jèn mlebuné bengi luwih gawat banget.
Senadjan ula mau mlebuné uga ora ana betjiké amarga ula iku mawa wisa, mawa upas, ja uga paring sasmita kang ora ngepénakaké.

Tindakan kang kersa diendeg déning kantja.

Jèn pinudju tindakan mongka bakal ngrembug babagan kang perlu-perlu, ing wusana ing ndalan, bandjur ketemu salah sidjining kenalan kang bandjur ngendeg, iki uga salah sidjining sasmita, tindaké mau bakal ora kasil, bab sing dak aturaké kena dinjatakaké bab ketemenané. Upama bandjur ketemu dalan sepur kapinudjon lawangé ditutup, iki pada maksud karo diendeg ing kenalan mau, wahanané uga ora betjik, mangkéné sabandjuré.

Tindakan bandjur mireng sasmita suwara.

Jèn pinudju tindakan ana ing ndalan, upamané ana sepur, ana ing bis, ana warung lan lija-lijané panggonan. Ana wong jagongan karo kantjané upama mangkéné ; Djan si  Sam olèhé njambut gawé ana panggonanmu kaé apa isih tetep nganti saiki ? Djan bandjur mangsuli karo sing takon mau, mangkéné. Ora ! wis dak kongkon lèrèn amarga aku déwé sing morat-marit. Tembung mangkéné sedjatiné Gusti Allah paring pitutur marang pandjenengan, mengko ana panggonan kang bakal ditudju, upama arep rembugan penggawéjan, olèh-olèhané ja ora béda karo gunemé wong loro mau. Upama sadjroning mlaku mireng tembung mangkéné, ana wong guneman karo kantjané manèh. Prijé kabaré olèhmu lunga winginané kaé ? Ja kang pangèstu sampéjan ja olèh redjeki sing lumajan. Tembung iki ora béda karo sing nduwur, uga paring sasmita marang pandjenengan, mungguh olèh-olèhané pandjenengan tindakan hasilé ja ora béda karo tembung-tembung pandjenengan mirengaké mau. Mangkéné sabandjuré.

Dak pasrahaké karo para maos.

KATRANGANÉ BAB ANANE “KUN”.

Sadurungé djagat gumelar, kahanané isih awang-uwung, durung ana sawidji apa-apa, sing ana mung “KUN”, tegesé ja kuwi pangandikan (guneman). Sawisé ana “KUN”, bandjur ana KUN PAJAKUN. Tegesé ! Sawisé Gusti Allah ngendika, bandjur djagat ana isiné rupa-rupa (warna-warna) sabangsané kutu-kutu, walang ataga, bangsa gegremetan, iwak-iwak, lan lija-lijané, sing nganti ngebegi djagad kang disedijakaké kanggo keperluané manungsa adja nganti kekurangan pangan, dadi terangé sadurungé Gusti Allah nitahaké manungsa wis disedijani pangan luwih disik.

Sabandjuré gandèng karo pangandikané Gusti Kang Murbeng Gesang, tumrap marang manungsa. Pangandikan mau bandjur dipindah menjang (karo) manungsa lanang lan wadon, ja kuwi anané angka 11 (sewelas). Angka 11 kuwi tegesé, nalika bapa lan ibu didjèdjèraké waktu dadi kemantèn, lan disandingi kembar majang.

Kembar majang kuwi tegesé, ana barang kembar sing rupané maja-maja, ja kuwi urip kita pribadi, ana rerupan padang gumilang, mentjorong gumantung tanpa tjantelan, kena dinulu mung sakedèp netra, kang tjedak tanpa senggolan, kang adak tanpa wangenan, mulané nalika bapak lan ibu didjèdjèraké bandjur diwudjudaké angka 11 djalaran kang uga diarani loroning atunggal, amarga antarané lanang lan wadon wis pada anduwèni welas (tresna) ing kono wis pada tuwah angen-angen kapan kaja aku ndang duwé turun (anak) ateges arep anggelar djagad ja djagading manungsa nalika isih lairé ingaran djabang baji. Jèn djabang baji wis lair ja bandjur anané sipat 20, ja anané utusan kang dumunung ana ing Tjarakan Djawa.

Dadi anané “KUN” kang saka Allah, bandjur ngalih menjang manungsa kang minongka dadi utusaning Gusti Allah.

TAMAT.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar